Revision 77776 of "Pak Kasur" on acewiki{{sampoh}}
'''Soerjono''' utawa biasa ditepungi minangka '''Pak Kasur''' ([[Purbalingga]], [[Jawa Tengah]], [[26 Juli]] [[1912]] - [[1992]]) iku sawijining tokoh pendhidhikan [[Indonésia]]. Panjenengané uga mandhu acara [[Taman Indria]] ing [[TVRI]] stasiun pusat Jakarta. Jenengé asalé saka julukan "Kak Soer" sing biasa digunakaké déning anak buahé ing Gerakan [[Kepanduan]]. Jeneng iki saya suwé owah dadi "Kasur" lan "Pak Kasur". Bojoné [[ibu Kasur]] (Sandiah) uga mandhu acara iku.
Panjenengané wiwit dadi guru ing [[HIS]] Ardjoena School, [[Bantul]], [[Yogyakarta]]. Banjur nerusaké pendhidhikan ing [[HIK]], [[Bandung]]. Sawisé Indonésia mardika panjenengané ngasuh acara bocah-bocah ing [[RRI]], lan ngripta sapérangan lagu kayata ''Naik Delman'', ''Bangun'', ''Sepedaku'', ''Kebunku'', lan sapanunggalé.
Panjenengané uga tau dadi Sekretaris [[Badan Sensor Film]].
== Deleng uga ==
* [[Ibu Kasur]]
== Pranala njaba ==
* {{id}} [http://mellowtone.multiply.com/journal/item/117 Pak kasur ing Jejak musik]
* [http://www.provoke-online.com/inside_provoke_detail.php?category=IC0002&id=IN0035 Pak Kasur & '''[[Ibu Kasur]]''' ing [[www.provoke-online.com|provoke-online.com]]]
{{indo-bio-stub}}
{{DEFAULTSORT:Pak Kasur}}
{{lifetime|1912|1992|}}
[[Kategori:Pangripta lagu Indonésia]]All content in the above text box is licensed under the Creative Commons Attribution-ShareAlike license Version 4 and was originally sourced from https://ace.wikipedia.org/w/index.php?oldid=77776.
![]() ![]() This site is not affiliated with or endorsed in any way by the Wikimedia Foundation or any of its affiliates. In fact, we fucking despise them.
|