Difference between revisions 1075764 and 1079607 on jvwiki

'''Carita cekak''' utawa kerep dicekak dadi '''cerkak''' ya iku susastra gancar (karya sastra prosa) kang isine nyritakake sawijine lelakon kang dianggep wigati kang nduwèni kesan tunggal (kurang saka 10.000 tembung). Cerkak iku pancen awijining carita kang cekak. Nanging ora ateges yèn carita cekak iku dijengengake carita cekak. Umpamane fable, dongèng lan carita rakyat minangka tuladha carita kang cekak, nanging ora bisa diarani carita cekak.
(contracted; show full)
*Paraga tambahan sing uga dijenengi ''[[tritagonis]]''
*''Watak'' : ya iku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp) lan tandha-tandha non-fisik kang diduwéni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, lsp).
*''Settin''g : ya iku papan lan wektu kadadeane carita. (Papan: pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu: esuk, awan, sore, bengi).
*''Sudut Pandang'' : ya iku ing ngendi pengarang mapanake dh
ewekeèwèké ing carita.
*''Lelewaning Basa'' : ya iku basa kang digunakake pengarang ing carita.
*''Amanat'' : piwulang kang dikandhut utawi piweling kang arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.
==Unsur Extrinsik==
*Faktor agama
*Faktor ékonomi
*Faktor pendidikan
*Faktor sosial lan faktor budaya 
==referensi==
{{Reflist}}

[[Kategori:Carita]]