Difference between revisions 1143097 and 1151097 on jvwiki

{{Infobox TV channel
| Name = MNCTV
| former names = TPI
| logofile =
| Other name = PT Cipta Televisi Pendidikan Indonésia utawi PT Media Nusantara Citra Televisi Indonesia
| Launch = [[23 Januari]] [[1991]] (minangka TPI)<br />[[20 Oktober]] [[2010]] (minangka MNCTV)
| Owner = [[Media Nusantara Citra]] ([[2001]]-saiki)<br />Cipta Lamtoro Gung Persada ([[1991]]-[[2001]])
| Headquarters = [[Jakarta]], [[Indonésia]]
(contracted; show full)
 cable serv 1     = [[First Media]] |
 cable chan 1     = 12 |
 | Website = www.mnctv.com
}}

'''MNCTV''' (dhisik jenengé '''TPI''') ya iku stasiun [[télévisi]] [[swasta]] [[Indonésia]] kang nyiaraké kanthi cara [[televisi terestrial|terestrial]] saka [[Jakarta]].<ref name="internet1"/> Jeneng MNCTV wiwit digunakaké nalika [[20 Oktober]] [[2010]].<ref name="internet1"/>

MNCTV kang sadurungé dikenal kanthi jeneng 
  TPI, kalebu stasiun tivi swasta nomer telu ing   Indonésia sawisé [[SCTV]].<ref name="internet1"/> TPI didegaké déning   [[Siti Hardijanti Rukmana|Mbak Tutut]] lan dhisik sahamé akèh dinduwèni déning [[PT Cipta Lamtoro Gung Persada]].<ref name="internet1"/>
Nalika taun [[2009]] nganti taun   [[2010]], MNCTV ora nyiaraké acara [[ulah raga]].<ref name="internet1"/> Ananging wiwit taun   [[2010]] TPI   wis nyiaraké acara ulah raga manéh ya iku [[Liga Utama Inggris]].<ref name="internet1"/>

=== TPI sawisé pertengahan 1990-an ===
TPI misah saka TVRI ing pertengahan 90-an.<ref name="internet1"/> Saiki, program édukasi iku wis kagusur, lan TPI fokus ing program acara [[musik]] dangdut.<ref name="internet1"/> Nalika iku motto TPI kang uniné ''makin Indonésia'' malah ketutup karo acara-acara [[dangdut]] ing TPI.<ref name="internet1">{{id}}[http://www.mnctv.com Situs web resmi MNCTV](dipunundhuh tanggal 25 Juni 2011)</ref>

Ing [[website]] resmi TPI, diterangké yèn TPI ya iku '''Televisi Paling Indonésia''', jumbuh karo misiné kang anyar, TPI nyiaraké acara-acara khas Indonésia kayata acara   [[sinetron]] lokal lan musik [[dangdut]].<ref name="internet1"/> TPI tau éntuk penghargaan awit wis suwé nyiaraké   acara [[kuis]] dangdut kang sepisanan ing Indonésia ya iku [[Kuis Dangdut]].<ref name="internet1"/> Kuis iki dipandu déné [[Jaja Miharja]] lan [[Dorce Gamalama]].<ref name="internet1"/> Ing   Festival Sinetron Indonésia 1997, serial "Mat Angin" ([[Deddy Mizwar]]) kang ditayangaké   TPI éntuk 11 penghargaan, ditambah karo 5 penghargaan manéh ing taun candhaké.<ref name="internet1"/> Saliyané iku ana uga acara paling favorit ing Indonésia ya iku [[Santapan Nusantara]] kang dipandu karo [[Enita Sriyana]], nimpuna [[kuliner]].<ref name="internet1"/>

Program   ''[[Kontes Dangdut Indonésia]]'' kang kalebu versi dangdut saka kontes "[[American Idol]]" lan "[[Indonésian Idol]]" dadi program unggulan TPI nganti saiki.<ref name="internet1"/>
Wiwit [[Maret 2001]], 75% saham TPI dinduwèni karo [[Media Nusantara Citra]], kalompok [[prusahaan]] media kang uga nduwèni [[RCTI]] lan [[Global TV]].<ref name="internet1"/> Diréktur utama TPI nalika iku ya iku [[Mayor Jenderal|Mayjen]]. [[Tentara Nasional Indonésia|TNI]]. ([[Purnawirawan|purn]].) [[Sang Nyoman Swisma]] lan Komisaris Utama TPI ya iku [[Dandy Nugroho Rukmana]], kang dadi anak mbarep [[Mbak Tutut]].<ref name="internet1"/>

== Ganti jeneng ==
Wiwit [[20 Oktober]] [[2010]], TPI resmi ganti jeneng dadi MNCTV.<ref name="internet2"/> Owahing jeneng iki amarga TPI ora jumbuh karo konteks ''tertulis'' ing tv iku ya iku dadi salah siji tivi kang nyiaraké pandhidhikann ing Indonésia.<ref name="internet2"/> Mulane TPI diganti dadi MNCTV kanggo ngowahi ''citra'' TPI ing masyarakat.<ref name="internet2">{{id}}[http://www.dokitv.com/blog/tpi-berganti-nama-karena-kasus-harry-tanoe-dengan-tutut TPI Berganti Nama Karena Kasus Harry Tanoe dengan Tutut?] (dipunundhuh tanggal 16 Februari 2015)</ref>

== Galeri logo ==
{{Logo saluran televisi}}
<gallery>998]]-[[2001]]
Gambar:TPIlama.png‎|Logo kapisan TPI ing layar kaca utawa ''on-air'' digunakaké taun [[1991]]-[[1998]], kawiwitan ing taun [[1991]]-[[2002]] digunakake minangka logo perusahaan.  
Gambar:MNCTV Logo 2012 New.gif|Logo MNCTV digunakaké sejak [[20 Oktober]] [[2010]].
</gallery>
== Lihat pula ==
* [[RCTI]]
* [[Global TV]]
* [[iNews TV]]
* [[SCTV]]
* [[MNC News]] dan O News Channel

== Cathetan suku ==
{{reflist}}

{{TelevisiIndonesia}}
{{Stasiun-tv-indonesia-stub}}

[[Kategori:Stasiun tivi Indonesia]]


{{Stasiun-tv-indonesia-stub}}