Difference between revisions 1443542 and 1488529 on jvwiki{{Orphan|date=Maret 2016}} [[Gambar:Damien Dematra.jpg|thumb|250px|Damien Dematra]] '''Damien Demartra''' ya iku penulis, penulis skenario, sutradara, lan prodhuser kang lair tanggal [[25 Fèbruari]]. Ora mung nyambut gawé ing donya nyerat lan prodhuser, dhèwèké uga fotografer internasional lan pelukis.<ref name="Damien 1">[http://selebriti.kapanlagi.com/indonesia/d/damien_dematra/ biografi Damien Dematra] dipununduh tanggal 24 September 2011</ref> Karya-karyané kang wis diripta iku 62 novèl nganggo basa Inggris lan [[Indonésia]], 57 skenario [[filem]] lan serial TV, uga mproduksi 28 [[filem]].<ref name="Damien 1"/> Sawijining [[filem]] kang kang ngawé jenengé iku [[filem]] kang judhulé OBAMA ANAK MENTENG, kang nyaritakaké Présidhèn Amérikah Sarékat kang tau manggon ing [[Indonésia]].<ref name="Damien 1"/> Ing donya fotografer, dhèwèké tau éntuk gelar paling dhuwur ya iku [[Fellowship]] babagan Potraiture lan Art Photography saka Master Photographer Association.<ref name="Damien 1"/> Bebungah internasional uga tau ditampa déning dhèwèké, kaya ta Master Photographer of the Year.<ref name="Damien 1"/> Ing donya kagunan uga tanggung-tanggung, Damien tau ngaripta 365 karya lukis kang digarap ing wektu setaun.<ref name="Damien 1"/> Novèl kang tau diserat déning dhèwèké iku kaya ta Yogyakarta, Obama dari Asisi, Si Anak Panah, Ketika Aku Menyentuh Awan, Obama, Anak Menteng, Si Anak Kampoeng (novèl kang digawé babagan kisah nyata [[Buya Syafii Maarif]]).<ref name="Damien 1"/> Karya liyané iku ''Sejuta Doa untuk Gus Dur, Sejuta Hati untuk Gus Dur, Ternyata Aku Sudah Islam'' (novèl kang inspirasiné saka kisah nyata grup musik [[Debu]]), ''Demi Allah, Aku Jadi Teroris, Tuhan, Jangan Pisahkan Kami, Soulmate-Belahan Jiwa, Angels of Death-Kumpulan Kisah Malaékat Maut, If Only I Could Hear-Kisah Suara Hati''.<ref name="Damien 1"/> Damien uga nulis rong novèl liyané kang nganggo basa liya, ya iku ''Jogèd Maut'' (Katyana) lan ''Ku Tak Dapat Jalan Sendiri'' (Mark Andrew).<ref name="Damien 1"/> Novelé kang dijadwalaké bakal diterbitaké déning Gramedia ya iku Kartosoewirjo: Pahlawan atau Teroris? (novèl sajarah), Demi Allah, Anakku Jadi Teroris (bakal difilemaké) lan Mama, Aku Harus Pergi.<ref name="Damien 1"/> Damien nyiptakaké rekor donya lukis paling rikat, kang dilakoni ing ngarepé [[Jaya Suprana]], pimpinan Musium Rekor Indonésia (MURI) lan didelengi puluwan médhia massa nasional lan international.<ref name="Damien 1"/> Damien Dematra iku sing nggagas lan dadi koordinator nasional Gerakan Peduli Pluralisme lang dicetusaké nalika [[Fèbruari]] 2010 kanggo menehaké apresiasi marang perjuangan pluralisme [[Buya Ahmad Syafii Maarif]] lan [[Gus Dur]], para guru bangsa.<ref name="Damien 1"/> Ora mung iku, dhèwèké uga dadi ketua Gerakan Nasional Menulis (GNM).<ref name="Damien 1"/> Sasi [[September]] 2011, dhèwèké éntuk papat bebungah sakaligus. Ing ajang Los Angeles Movie Awards, jebulé filem kang judhulé ''SI ANAK KAMPOENG'' wis ndisiki éntuk panghargaan ing ajang American International Film Festival (AIFF) ing [[Amérikah Sarékat]].<ref name="Damien 2">[http://www.kapanlagi.com/showbiz/film/indonesia/si-anak-kampoeng-raih-6-penghargaan-amerika.html berita Damien Dematra] dipununduh tanggal 24 September 2011</ref> Ora nangung-nangung, ana enem bebungah kang langsung ditarima déning dhèwèké.<ref name="Damien 2"/> Bebungah kang ditarima déning dhèwèké ya iku kategori Film Carita Paling Apik, kategori Sutradara Film Paling Apik, kategori Film Asing Paling Apik, kategori Sutradara Film Asing Paling Apik, Film Paling Apik Kanggo Kategori Film 35 mm lan kategori Sutradara Paling Apik Kanggo Kategori Film 35 mm.<ref name="Damien 2"/> Film SI ANAK KAMPOENG Nyaritakaké bab jaman ciliké [[Buya Syafii Maarif]] karo setting taun 1930 nganti 1950.<ref name="Damien 2"/> Film iki diputer awit sasi [[April]] ing biyoskup-biyoskup [[Indonésia]].<ref name="Damien 2"/> == Cathetan suku == {{Reflist}} {{stub}} All content in the above text box is licensed under the Creative Commons Attribution-ShareAlike license Version 4 and was originally sourced from https://jv.wikipedia.org/w/index.php?diff=prev&oldid=1488529.
![]() ![]() This site is not affiliated with or endorsed in any way by the Wikimedia Foundation or any of its affiliates. In fact, we fucking despise them.
|