Difference between revisions 862428 and 887504 on jvwiki

{{dati2|nama=Kabupaten Kudus
|propinsi=[[Jawa Tengah]]
|ibukota=KotaKudus
|luas=425,17 km²
|penduduk=813.000 (2003)
|kepadatan=1.912
|kecamatan=9
|kodearea=0291
(contracted; show full)Saliyane uga ana:
* [[Museum Kretek]] kang dadi  bukti sejarahe kutha Kudus kang dadi kutha gawe [[rokok kretek]] kang paling gedhe ing [[Indonesia]] ing antarane ana (PT Djarum, PT Nojorono, PR Sukun, PR Jambu Bol, PR Pamor, PR Djanur Kuning). 
* Kinder Garten
* Replika Menara
* Bangunan khas Kudus dikenal dengan nama ''Gebyog Kudus''.

== Panganan lan jajanan khas Kudus ==

[[Gambar:Soto Kudus.jpg|right|200px]]
* [[Jenang]] Kudus: wong-wong asring ngertine "dodol" nanging duweni tekstur lan rasa kang beda karo dodol sing ana. Akeh banget pabrike PJ. (Pabrik Jenang) kayata: PJ. Mubarok, PJ. Menara, PJ. Rizqia, lsp.
* [[Soto Kudus]]: soto ing Kudus misuwur ana rong werna yaiku, soto ayam dan soto kebo. Beda ing antarane soto-soto liyane, soto Kudus nduweni cita rasa kang manis lan sathithik luwih encer, lan daginge saka daging Kebo ora daging Sapi amarga wong Kudus nduweni kapercayan ora entuk nyembeleh Sapi. Amanate Njeng [[Sunan Kudus]]
[[Gambar:Soto Kudus.jpg|240px]]
* [[Lentog]]: yaiku panganan khas kang gayeng ing wayah esuk. Bahan-bahane anatarane tahu semur, telur, lontong lan sayur lodeh (buah nangka muda). 
Kala emben, sing dodolane ana ing Desa Tanjungkarang (Tanjung),  ananging saiki wis sumebar ing sakabehane pelosok kuthaa Kudus. Sing unik utawa khase saka lentog yaiku ukuran lontonge kang gedhene sapupu / betise wong dewasa.
* [[Sate Kebo]]: sate kang digawe saka daging kebo, sing disajike ora kaya biyasane, ananging saka daging sing dikethok-kethok lan dicincang halus, Banjur didokok ing batang sate nganggo bumbu kecap, klapa (srundeng) lan kacang, rasane meh mirip padha karo dendeng.
* [[Ayam Bakar Colo]]: ayam bakar kampung kang duweni rasa khas sing mung ana ing Colo disajike biasane karo pecel kembang turi lan godhong pakis gunung.
* [[Ayam Goreng Kepruk ]] : Ayam goreng kang duweni bumbu khas kudus, kang duwe sajian unik, kanthi rasa kang khas lan gurih. Ayam goreng racikan ’’’Dapur Gentong’’’ iki uga bisa dimadhang ing restaurant Gentong, Kampung Air Resto Megawon lan Roemans Resto Jl. Mangga.
* [[Ayam goreng Kliwon Kasmini]] : Panganan ing wayah wengi iki, wong-wong Kudus kang digawe saka tahu semur lan ayam goreng kanthi bumbu kang khas, kuwi kalebu lengganane pejabat-pejabat lan wong-wong kang misuwur, sarta polisi-polisi gedhe ing kutha Kudus
* [[Tahu Telur]]: Meh padha kaya tahu telur saka [[Magelang]] utawa tahu gimbal [[Semarang]]. Ing wayah wengi kang biasane kagelar ing sadawane jalan Sunan Kudus. Kang utama sangarepe Rumah Tahanan Negara (Rutan) Kudus. Bisa uga diarani Tahundog.
* [[Opor PanggangBakar]]: Opor ayam sing sabanjure dipanggangbakar, banjur disajike kanthi tambahan sawetara lawuh. Panganan iki uga ana ing wauah esuk.
* [[Lontong tahu]]: Panganan kang meh padha karo tahu telur. Bedane, ora ditambahi ndhog kaya tahu gimbal saka Semarang. Tahu putih khas Kudus, digoreng setengah mateng utawa mateng bajur dikethok-kethok dadu, banjur ditambahi sega utawa lontong sasenenge dhewe. Dipupuki  cambah rebus lan seledri rajang sing menehi aroma kang seger. Yen ta ana sing seneng nganggo 'cungor' utawa bibir sapi sing dibacem, ngomonga wae marang bakule. Ing pungkasane diwenehi bumbu kecap sing nduweni aroma bawang putih kang sedep bajur disiramke.

== Cathetan Suku ==
* [http://www.kuduskab.go.id/ Situs Resmi Kabupaten Kudus]

{{Kabupaten Kudus}}
{{jateng}}

[[Kategori:Kabupaten di Jawa Tengah|Kudus]]
[[Kategori:Kabupaten di Indonesia|Kudus]]
[[Kategori:Kabupaten Kudus| ]]

[[jv:Kabupatèn Kudus]]