Difference between revisions 870017 and 870018 on jvwiki

'''Dhialèk Pekalongan''' iku kalebu dhialèk [[basa Jawa]] sing dipituturake ing pesisir lor tanah jawa, tlatah [[Jawa Tengah]] utamane ing Kotamadya/ [[Kabupatèn Pekalongan]]. Senadyan ana ing Jawa Tengah dialek Pekalongan beda karo daerah pesisir Jawa liyane, umpamane [[Kabupatèn Tegal|Tegal]], Welèri/[[Kabupatèn Kendhal|Kendhal]], [[Kabupatèn Semarang|Semarang]]. Jaman saiki akeh para piyayi Pekalongan kang duwé pakaryan dadi Juragan [[batik]], tenun lan tèkstil lan tansah migunakaké dialek kang biso dimangerteni dening piyayi pekalongan dewe. Anane para juragan , pedagang uga para nelayan ana tlatah kutha lan pinggiran mujudake basa/dialek iki mau. Sesambungan karo bangsane liyan umpamane [[Arab]], [[Cina]], [[India]] lan anane para penjajah saka manca nagari kang cumondok ana in Pekalongan uga nambahi mane warnane Dialek mau

==Sajarah==
Anane di jenengi Pekalongan sejatine , merga polahe sawijining nom2an kang Gagah Pidekso sekti , kang duwe jeneng Joko Bahu ( utawa Bahu Rekso ), dewekne putrane Kyai Cempaluk ( Sempalo ) saka daerah Kesesi , sawijining tlatah Kidul- sisih Kulon Pekalongan.  Saiki dadi Kecamatan Kesesi wilayah Kabupaten Pekalongan. 

Amerga Kyai Cempaluk kalebu Ulama saka Kraton Mataram kang pinercaya  , Jaka Bahu moula entuk dhawuh dadi tamtamaning praja Mataram lan sabanjure entuk didhawuh saka Ingakang sinuwun Sri Sultan Agung Hanyakrakusuma , supaya nglurug perang lan tanding yudha nglawan Kumpeni Walanda ing Batavia ( Jakarta ) . Kacathet ana sejarah bab. Mataram nglurug perang klawan Walanda ana Batavia ( kang kaping pindho ), .
Perang Mataram lan Walanda kang gawe bangkrute Penjajah Walanda , lan meh wae Jaka Bahu menang anggone Bbanda Yudha ,anaging kepara wadyabala Mataram kalah kasebab Walanda kabantu soko Inggris 
 Anane ing tlatah Jakarta saiki kanthi , ana tlatah kang dijeneng  i  "Matraman" , dadi pratanda menawa prajurti Mataram , Bahurakso sak andahane nate cumondok ana tlatah Matraman (mau ( Matraman kuwi soko tembung Mataram-an, kang duwe teges , cumondhoke prajurit saka praja Mataram  )..
Jaka Bahu kang nampa kalah tanding yudha , banjur bali liwat segara pesisir lor tanah jawa . Ana ing sawijinigng papan alas Gambiran ( merga ana kono akeh wit Gambir ).. panggonane ana sisih wetan-e Cirebon , Jaka Bahu mandeg ana kono , lan sabanjure ana ing papan kuwi dewekne mandeg tapa nGalong ( kaya Kalong , sirah nang ngisor lan sukune nang nduwur , ana in alas Gambiran mau ) .
Anane kadadeyan mau , ing tembe tlatah kang kalebu ana praja mataram kanthi jeneng "Pengangsalan" kuwi ,( bab mau kasebut ana ing Babad tanah jawi ) ing sak wistembe dijenengi "Pekalongan" ..

Ana ing Abad 15-17 Masehi , Pekalongan kang kalebu tlatah lan kuasane  praja Mataram lan migunakake Basa Jawa Mataraman , dadi awal mulane basa Pekalongan ora rubeda karo basa Jawi kang dipiguanaake ing tlatah projoaja Kasultanan Mataram . Ananging ana ing sakterusing jaman , basa dhialek [basa Jawa] utamane dialek Pekalongan wiwit katon ana bedhane kasebab ana gegayutane karo budaya lan sesambungan marang liyan . Basa/Dialek Pekalongan baku jaman semono mau wis ora dianggo maneh ono ing dialek Pekalongan jaman saiki.

==Ciri-ciri==
(contracted; show full)
Umpamane : piyayi saka Parakan temanggung kang teka nganggo dialek basa Parakan " Arep nyang ndi Wi ( Wiadi )? nganggo nada-ne duwur !!
sakwise nyawiji puluhan tahun lan duwe kenyo nikah lan duwe anak karo kenyo pekalongan asli , dialek -e dadi Beda 
" Lha Pak ring ndi Wik ? " Kowe arep nyang endi Wiyadi ??..


[[Kategori:Basa Jawa]]