Difference between revisions 928873 and 952959 on jvwiki

{{gabungmenyang|Iwak Nus}}
{{Taxobox
| name = Cumi-cumi
| image = Mastigoteuthis flammea.jpg
| image_width = 220px
| image_caption = ''[[Mastigoteuthis flammea]]'' 
| regnum = [[Hewan|Animalia]]
| phylum = [[Mollusk|Mollusca]]
| classis = [[Cephalopod]]a
| subclassis = [[Coleoidea]]
| superordo = [[Decapodiformes]]
| ordo = '''Teuthida'''
| ordo_authority = [[Adolf Naef|A. Naef]], 1916b
| subdivision_ranks = [[Subordo]]
| subdivision = 
†[[Plesioteuthididae]] <small>(''[[incertae sedis]]'')</small>{{br}}
[[Myopsina]]{{br}}
[[Oegopsina]]
}}
'''Cumi-cumi''' yaiku kelompok kewan [[cephalopoda]] ''besar'' utawa jenis moluska kang uripe ana ing laut.<ref name="disney">Disney Ensiklopediaku Yang Pertama : 6.PT WIdyadara.Jakarta</ref> Nama ''Cephalopoda'' salebeting basa yunani yaiku "sikil sirah", kabeh kuwi amarga sikile kang pisah-pisah dadi pira-pira tangan kang ngubengi endhas.<ref name="ilmu 6"/> kaya kabeh ''cephalopoda'', cumi-cumi dipisahake dening nduweni endhas kang bedha-bedha. [[Akson]] gedhe cumi-cumi iki nduweni ''diameter'' 1  &nbsp;mm. Cumi-cumi akeh kang digunakake minangka gaweé pakanan.{{fact}}
{{Moluska bernilai ekonomi}} Cumi-cumi yaiku salah sijine kewan kang kagolong [[invertebrata]] (ora ndue ''tulang belakang'').<ref name="animal">http://www.animalcorner.co.uk/: invertebrate. Diakses pada [[3 Mei]] [[2010]].</ref>

Salah siji jinis cumi-cumi ''laut dalam'', ''Heteroteuthis'', yaiku kang nduweni ciri yaiku bisa ngetokake ''cahaya''.<ref name="ilmu 5">Ilmu Pengetahuan Populer. PT WIdyadara. Jakarta</ref> ''Organ'' kang isa ngetokake cahaya iku ana ing pucuke salah sijine juluran dawa kang nonjol di ing ngarep.<ref name="ilmu 5"/>  kabeh kuwi amerga anane prastawa [[luminasi]] kang kadadean ing cumi-cumi jenis iki.<ref name="ilmu 5"/> ''Heteroteuthis'' menyemprotake sebagian ''cairan bercahaya'' nalika  deweke ngrasa diganggu, proses iki padha kaya cumi-cumi biasane kang nyemprotake tinta.<ref name="ilmu 5"/>

== Maneka werna Jinis Cumi-cumi ==
Ing umume cumi-cumi bisa nduweni ukuran nganthi sekitar 5,1  &nbsp;cm, nanging ana jinis cumi-cumi ''[[Architeuthis princeps]]'' utawa cumi-cumi raksasa kang nduweni ukuran nganthi luwih saka 15 m.<ref name="ilmu 6">Ilmu Pengetahuan Populer: 6. PT WIdyadara. Jakarta</ref> Cumi-cumi raksasa iki sering ditemukake ''terdampar'' ing sakdawane pantai Newfoundland.<ref name="ilmu 6"/>

wodene cumi-cumi kang bisa ''dikonsumsi'' dening manungsa yaiku jenis ''[[Loligo Pealei]]"" lan ana ing ''perairan'' [[Laut Tengah]], [[Asia Timur]], sarta sakdawane pantai wetan [[Amerika Utara]].<ref name="ilmu 6"/> Ana kang urip ing cedake ''permukaan'' banyu, ana uga kang urip ing panggonan kang jeru banget utawa [[palung laut]].<ref name="disney"/>

ana uga jinis cumi-cumi ''terbang'', ''Ommastrephes bartrami'', kang bisa dibandingake karo iwak terbang.<ref name="ilmu 6"/> kewan iki sering mlompat mentu saka banyu, khususe ing cuaca elek, lan kadhang - kadhang terdampar ing sak duwure dek kapal nelayan.<ref name="ilmu 6"/>  

Cumi-cumi jinis cilik ora ngganggu manungsa, nanging jinis cumi - cumi kang gedhi bisa dadi ancaman kang mbebayani kanggo manungsa nalika nyelem.<ref name="disney"/>

Kabeh jinis cumi-cumi kang ana ing kabeh bagian donya, ana sekitar 300 [[spesies]] cumi-cumi kang bedha.<ref>Clarke, M.R. (1986). A Handbook for the Identification of Cephalopod Beaks. Oxford: Clarendon Press</ref>

== Anatomi ==
kabeh cumi-cumi nduweni awak kang bentuke pipa, endhas kang ''berkembang'' sampurna, lan 10 tangan kang dawa kang ''bermangkuk penghisap''.<ref name="disney"/> Tangan-tangan iki gunane kanggo njerat mangsane banjur disuwek nggunakake rahange kang kuat, kaya dene cucuk manuk.<ref name="disney"/>
Cumi-cumi nyerot banyu nglewati rongga pusat awake, [[rongga mantel]], lan meksa mentu nglewati salah sijine pembuluh kang lentur kang kasebut ''sifon''.<ref name="ilmu 6"/> ''Sifon'' manggon ing mburi tangan.<ref name="ilmu 6"/>  jalaran ''pancaran'' banyu kang nyurung cumi-cumi berenang mundur.<ref name="ilmu 6"/>

Matane ora nduweni kelopak mata, nanging ketok kaya mata manungsa.<ref name="ilmu 6"/>

Cumi-cumi nduweni jantung kang cacahe telu lan getihe werna biru.<ref name="iptek">http://www.iptek.net.id/ind/pd_invertebrata/. Diakses pada [[3 Mei]] [[2010]]</ref>

okeh cumi-cumi kang bisa ngubah werna awake saka coklat dadi ungu, abang, utawa kuning minangka [[kamuflase]] terhindar saka ancaman pamangsane.<ref name="disney"/>

== Pakanan ==
Cumi-cumi urip minangka pamangsa iwak lan kewan laut liyane kang luwih cilik saka ukurane si cumi-cumi.<ref name="disney"/>

== Cumi-cumi minangka Komoditas Komersial ==
Miturut data saka '''Food and Agricultural Organization''' utawa ''[[FAO]]'', jumlah moluska kang dicekel kanggo kepentingan komoditas komersial, ing tahun 2002 yaiku 3.173.272 ton lan 75,8% saka jumlah kasebut yaiku cumi-cumi kang dipangan.<ref>Rodhouse, Paul G (2005). "Review of the state of world marine fishery resources: Fisheries technical paper". World squid resources (FAO).</ref>

Luwih - luwih cumi-cumi ''poligo'' utawa jinis kang bisa kita pangan, miturut data '''US Commercial Fisheri''', ing tahun 2008 uwes kecatet sekitar 8 yuta cumi-cumi iki uwis dicekel ing pesisir pantai [[California]].<ref name="fishwatch">http://www.nmfs.noaa.gov/fishwatch/species/market_squid.htm. Diakses ing [[14 Mei]] [[2010]].</ref>

Kabeh iku amarga kandungan gizi kang ana ing cumi-cumi kang apik kanggo manungsa, yaiku [[selenium]], [[riboflavin]], lan [[vitamin B 12]].<ref name="fishwatch"/>

== Referensi ==
{{reflist}}

== Pranala Njaba ==
{{Commons|Teuthida|Cumi-cumi}}
* {{en}} [http://www.thecephalopodpage.org The Cephalopod Page]
* {{en}} [http://www.tonmo.com TONMO.com] Cephalopod Information Center; Giant Squid expert Dr. Steve O'Shea is on staff.
* {{en}} [http://www.squidcam.info Squidcam] from New Zealand's The Science Site (very popular site, viewer operated camera on live baby squid).
* {{en}} [http://www.cephbase.utmb.edu/spdb/squid.cfm CephBase: Teuthida]
* {{en}} [http://encarta.msn.com/encyclopedia_761552165/Squid.html#461553803 MSN Encarta - Squid]
* {{en}} [http://www.sciam.com/article.cfm?chanID=sa003&articleID=00030326-0783-133B-878383414B7F0000 Scientific American - Giant Squid]
* {{en}} [http://www.rogerbly.com/video/squid Market squid mating, laying eggs (video)]

[[Kategori:Cephalopoda]]



[[ja:??]]
[[jv:Iwak Nus]]