Difference between revisions 931136 and 931137 on jvwiki

'''Cerkak''' yaiku susatra gancar (karya sastra prosa) kang isine nyritakake sawijine lelakon kang dianggep wigati kang nduweni kesan tunggal (kurang saka 10.000 tembung). Cerkak iku pancen awijining crita kang cekak. Nanging ora ateges yen crita cekak iku dijengengake crita cekak. Umpamane fable, dongeng lan crita rakyat minangka tuladha crita kang cekak, nanging ora bisa diarani crita cekak.
==Titikan Cerkak==
*Critane cekak
*Cacahe paraga mung sithik.
*Paraga sing dicritakake ora nganti owah nasibe
*Critane fiktif utawa ora nyata
*Pokoking crita (masalah) tumuju marang sawijinng crita, kang njalari efek tunggal lan kesan tunggal.
*Ngandharake perkara kang winates karo bab-bab kang penting wae
*Ngandharake prastawa kang tliti lan cetha uga prayoga
*Manawa ditulis mung antarane 4 tekan 10 kaca
==Unsur Intrinsik==
*''Tema'' : Yaiku sing dadi underane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lsp.
#*''Alur'' : Yaiku bakune cerita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian)
*Alur maju (Progresif) yaiku alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse.
*Alur mundur (Regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kepungkur.
*Alur campuran
*''Tokoh'' : Yaiku pelaku kang mbangun cerita. Paraga kaperang dadi loro, yaiku paraga pokok (tokoh utama) lan paraga kang sipate mbyantu (tokoh pembantu). 
*Paraga utama sing uga dijenengi ''[[protagonis]]''
*Paraga mungsuh sing uga dijenengi ''[[antagonis]]''
*Paraga tambahan sing uga dijenengi ''[[tritagonis]]''
*''Watak'' : Yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp) lan tandha-tandha non-fisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, lsp).
*''Settin''g : Yaiku papan lan wektu kadadeane cerita. (Papan: pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu: esuk, awan, sore, bengi).
*''Sudut Pandang'' : Yaiku ing ngendi pengarang mapanake dheweke ing cerita.
*''Lelewaning Basa'' : Yaiku basa kang digunakake pengarang ing cerita.
*''Amanat                '' : piwulang kang dikandhut utawi piweling kang arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.
==Unsur Extrinsik==
*Faktor agama
*Faktor ekonomi
*Faktor pendidikan
*Faktor sosial lan faktor budaya 
==referensi==
{{Reflist}}