Difference between revisions 955462 and 957414 on jvwiki

{{dati2|nama=Kabupaten Kudus
|propinsi=[[Jawa Tengah]]
|ibukota=KotaKudus
|luas=425,17 km²
|penduduk=813.000 (2003)
|kepadatan=1.912
|kecamatan=9
|kodearea=0291
|lambang= [[Gambar:Lambang Kudus.jpg|120px]]
|peta= [[Gambar:Locator kabupaten kudus.png|150px]]
|koordinat={{coor dms|6|51|0|S|110|36|0|E|}}-{{coor dms|7|16|0|S|110|50|0|E|}}
|dasar hukum=UU No. 13/1950
|tanggal=-
|motto=Nagari Carta Bhakti, SEMARAK (Sehat, Elok, Maju, Aman, Rapi, Asri & Konstitusional) 
|kepala daerah=[[Bupati]]
nama kepala daerah= [[Bupati Kudus H. Musthofa]]  
[Wakil Bupati] H. Budiyono
|web=http://www.kuduskab.go.id/
}}

'''Kudus''', ikuwi  [[kabupaten]] ing [[Provinsi]] [[Jawa Tengah]]. Ibu kuthane yaiku '''Kudus''', manggon ing jalur pantai utara timur Jawa Tengah PANTURA, yaiku manggon ing antarane ([[Kota Semarang|Semarang]]-[[Kota Surabaya|Surabaya]]). Manggon ing 51 km saka wetane [[Kota Semarang]]. Kabupaten iki duweni wates karo [[Kabupaten Pati]] ing sawetane, [[Kabupaten Grobogan]] dan [[Kabupaten Demak]] ing sakidule, sarta [[Kabupaten Jepara]] ing sisih kulone. Kudus ikuwi kutha kang misuwur [[rokok]] [[kretek]] kang gedhe ing Jawa Tengah. Saliyane ikuwi Kudus uga misuwur kutha santri, kutha iki uga dadi pusat kembange agama Islam ana ing abad pertengahan, ikuwi bisa dingerteni saka loro makam wali/sunan yaiku [[Sunan Kudus]] dan [[Sunan Muria]].

== Geografi ==
Sabagian gedhe ing wilayah Kabupaten Kudus ikuwi dataran rendah. Sabagian wilayah ana salore ana gunung kang arane [[Gunung Muria]], kanthi puncak kang aran [[Puncak Saptorenggo|Gunung Saptorenggo]] kang dhuwure 1.602 meter, saliyane ikuwi uga ana Gunung Rahtawu (1.522 meter), lan Gunung Argojembangan (1.410 meter). Kali kang gedhe yaiku  [[Kali Serang]] kang jalure mangulon, mbatesi antarane Kabupaten Kudus karo [[Kabupaten Demak]].

== Perangan administratif ==
Kabupaten Kudus kaperang dadi sanga [[kecamatan]], kang kaperang maneh dadi 123 [[deésa]] lan 9 [[kelurahan]]. Pusat pemerintahan ana ing Kecamatan Kota [[Kudus, Kudus|Kudus]]. Kudus ikuwi kalebu wilayah kang cilik dhewe lan nduweni jumlah kecamatan kang paling sithik ing Jawa Tengah. Kabupaten Kudus iku kaperang dadi telu wilayah pembantu bupati (Kawedanan), saben kawedanan kaperang dadi telung kecamatan yaiku: (1) Kawedanan Kota (Kec. Kota, Jati dan Undaan). (2) Kawedanan Cendono (Kec. Bae, Gebog dan Kaliwungu). (3) Kawedanan Tenggeles (Kec. Mejobo, Dawe dan Jekulo).
<!-- 
[[Berkas:Pembagian administratif kabupaten kudus.png|250px|thumb|left|Pembagian administratif Kabupaten Kudus]]
-->

== Wacana Pemekaran Kecamatan ==
Wacana Pemekaran Kecamatan (sing suk mben) sing ana ing  wilayah [[Kabupaten Kudus]], yaiku:
* [[Kecamatan Muria]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Dawe, sing kaperang deésa antarane ana deésa [[Colo]], [[Kajar]], [[Japan]], [[Cranggang]], [[Tergo]], [[Glagah Kulon]].
* [[Kecamatan Menawan]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Dawe, sing kaperang deésa antarane ana deésa [[Menawan]], [[Rahtawu]], [[Puyoh]], [[Soco]] lan [[Ternadi]].
* [[Kecamatan Babalan]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Undaan, sing kaperang deésa antarane ana deésa [[Kalirejo]], [[Medini]], [[Sambung]], [[Lambangan]], [[Glagahwaru]], [[Kutuk]], [[Terangmas]] lan [[Berugenjang]].
* [[Kecamatan Prambatan]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Kaliwungu dan Gebog  sing kaperang deésa antarane ana deésa [[Prambatan Kidul]], [[Prambatan Lor]], [[Bakalan Krapyak]], [[Garung Lor]], [[Garung Kidul]], [[Karangampel]] lan [[Gribig]].
* [[Kecamatan Jepang]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Mejobo dan Jati, sing kaperang deésa antarane ana deésa [[Jepang]], [[Gulang]], [[Payaman]], [[Jepangpakis]], [[Megawon]] lan [[Loram Wetan]].
* [[Kecamatan Ngembal]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Bae, sing kaperang deésa antarane ana deésa [[Ngembalrejo]], [[Dersalam]], [[Karangbener]], [[Ngembal Kulon]], [[Tumpang Krasak]] lan [[Honggosoco]].
* [[Kecamatan Bulung]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Jekulo, sing kaperang deésa antarane ana deésa [[Bulung Kulon]], [[Bulung Cangkring]], [[Sadang]], [[Sidomulyo]] lan [[Gondoharum]].

Saliyane ana pamekaran Kecamatan, uga ana wacana pemekaran Kawedanan (Pembantu Bupati), sing awitane ana telung Kawedanan (Cendono, Kudus lan Tenggeles), banjur dimekarke dadi lima wilayah, yaiku:
* Wilayah [[Kudus Lor]], sing pusate ing [[Kutha Cendono]].
* Wilayah [[Kudus Kulon]], sing pusate ing [[Kutha Jetak]].
* Wilayah [[Kudus Pusat]], sing pusate ing [[Kutha Kudus]].
* Wilayah [[Kudus Wetan]], sing pusate ing [[Kutha Bareng]].
* Wilayah [[Kudus Kidul]], sing pusate ing [[Kutha Wates]].

== Industri ==
Perkembangan perékonomian ing kutha Kudus ikuwi duweni pengaruh kang gedhe ing industri bangsa kita [[Indonesia]]. Ing antarane ana perusahaan industri kang gedhe yaiku PT. Djarum, PT. Petra, PR. Sukun, PT. Nojorono. PT.Hartono Istana Electronic (d/h Polytron), PT. Pura, PT. Kudos, lan akeh ewonan perusahaan industri kecil lan menengah kang kasebar ing sakabehe wilayah Kudus.

== Pariwisata ==
Wisata religi lan budaya:
* [[Masjid Menara Kudus]] kang digawé ing [[abad ke-16]], bangunan iki duweni arsitektur [[Jawa]], [[Hindu]], lan [[Islam]]. 
(contracted; show full)
* [[Ayam Goreng Kepruk]] : Ayam goreng kang duweni bumbu khas kudus, kang duwe sajian unik, kanthi rasa kang khas lan gurih. Ayam goreng racikan ’’’Dapur Gentong’’’ iki uga bisa dimadhang ing restaurant Gentong, Kampung Air Resto Megawon lan Roemans Resto Jl. Mangga.
* [[Ayam goreng Kliwon Kasmini]] : Panganan ing wayah wengi iki, wong-wong Kudus kang digawé saka tahu semur lan ayam goreng kanthi bumbu kang khas, 
ikuwi kalebu lengganane pejabat-pejabat lan wong-wong kang misuwur, sarta polisi-polisi gedhe ing kutha Kudus
* [[Tahu Telur]]: Meh padha kaya tahu telur saka [[Magelang]] utawa tahu gimbal [[Semarang]]. Ing wayah wengi kang biasane kagelar ing sadawane jalan Sunan Kudus. Kang utama sangarepe Rumah Tahanan Neagara (Rutan) Kudus. Bisa uga diarani Tahundog.
* [[Opor Bakar]]: Opor ayam sing sabanjure dibakar, banjur disajike kanthi tambahan sawetara lawuh. Panganan iki uga ana ing wauah esuk.
* [[Lontong tahu]]: Panganan kang meh padha karo tahu telur. Bedane, ora ditambahi ndhog kaya tahu gimbal saka Semarang. Tahu putih khas Kudus, digoreng setengah mateng utawa mateng bajur dikethok-kethok dadu, banjur ditambahi sega utawa lontong sasenenge dhewe. Dipupuki cambah godhogan lan seledri rajang sing menehi aroma kang seger. Yen ta ana sing seneng nganggo 'cungor' utawa bibir sapi sing dibacem, ngomonga wae marang bakule. Ing pungkasane diwenehi bumbu kecap sing nduweni aroma bawang putih kang sedep banjur disiramke.

== Cathetan Suku ==
* [http://www.kuduskab.go.id/ Situs Resmi Kabupaten Kudus]

{{Kabupaten Kudus}}
{{jateng}}

[[Kategori:Kabupaten di Jawa Tengah|Kudus]]
[[Kategori:Kabupaten di Indonesia|Kudus]]
[[Kategori:Kabupaten Kudus| ]]