Difference between revisions 960819 and 967574 on jvwiki

'''Fakultas Basa lan Seni UNNES''' iku sawijining cawang saka civitas akademika [[Universitas Negeri Semarang]] sing mandhégani babagan pendhidhikan [[basa]] lan [[seni]]. Jurusan sing ana ing fakultas iki antara liya jurusan Basa dan [[Sastra Indonesia]], Basa lan Sastra Dhaérah [[Jawa]], Basa lan Sastra [[Inggris]], Basa lan Sastra Manca [[Prancis, arab, lan Jepang]], Seni Rupa [[pedhidhikan Seni Rupa, DKV]], lan Seni Drama Tari Musik (Sendratasik).

Fakultas iki nduweni ciri khas ya  iku werna Ungu kang dadi werna kebanggaane. Cover Skripsi apa makalah ya Ungu, gendera fakultas iya ungu, cet dekanate ya werna Ungu. Fakultas iki kalebu fakultas sing paling akeh dhewe mahasiswane. nalika OKKA universitas bisa dibedake dhewe.

Ciri khas liyane ya  iku saben dina slasa ya  iku dinane FBS, dene tanda saben mahasiswane ya  iku sing diwiwiti angka '''2''' mesthi kuwi mahasiswa saka FBS.

Fakultas iki mendukung banget programe Universitas ya  iku Unnes Konservasi. Malah sing ngripta lelagone saka dosen FBS dhewe ya  iku [[Widodo Broto Sejati]] kaliyan para mahasiswa kang mlebu ana UKM Keswenian Jawa. Aran grup gamelane ya  iku [[Sekar Dhomas]] kang tegese ya  iku karawitan kang gabungan anatarane para dosen lan mahasiswane.

Dhene hasil tembange antarane ana lelagon dholanan bocah (buta-buta galak, sapi, mulih kamulane, bocah dholan, lan nonton wayang), Unnes konservasi antarane Unnes Sutera ya  iku semboyane Unnes Sehat, Unggul lan Sejahtera. ana lelagon Sutera iku sejatine nggambarake jaket almamatere Unnes kanthi werna kuning kang aran ''sutera'', Unnes Konservasi ya  iku semboyane anyare Unnes awit taun 2010 wingi ya  iku Unnes kang njunjung tinggi konservasi alam (penghijauan lahan Unnes) lan budaya njunjung tinggi budaya lan seni saka warisan leluhur kang banget ajine. Unnes ngumandhang ya  iku dadi semangate unnes supaya bisa ngumandhang ana ing jagading perguruan tinggi Universitas sadonya. saliyane kuwi uga ana Panji Semarang kang saben ana pelantikan Profesor mesthi dadi iringane tari.

== Deleng uga ==
* [[Universitas Negeri Semarang]]

{{rintisan}}

[[Kategori:Perguruan tinggi]]