Difference between revisions 964619 and 984787 on jvwiki

{{Orphan|date=Maret 2016}}

{{gabungmenyang|Bengawan Sala}}
== Bengawan == 
[[Gambar:Bengawan Solo topography map.png|300px|right|kali Bengawan Solo]]
Solo, mujudake kali paling dawa ing Pulo jawa kang nduweni carita werna-werna. Bengawan kang sumbere saka pengunungan seribu iku, tumeka saiki isih banjir, senajan wis digawé sudhetan. Menawa banjir, pancen nggegirisi. Dene yen ketiga banyune mung sethithik, mili angler, nanging miline banyu kang angler mau, kecampuran karo limbah pabrik saka wilayahewengkon kabupaten Karanganyar, kang nyebabke ambune kaya bathang, sengak lan liya-liyane. Menawa ngepasi banjir, atussan omah kerep keleban, kayata: Sragen, Ngawi, Bojonegoro, Tuban, Lamongan, lan sakiwa-tengene. Banjir iku amarga saka polahane manungsa dhewe, jalaran alas lan lingkungan ing sakilining Bengawan Solo iku wis padha rusak, ditebangi (dutegor). Sanajan kerep banjir, warga masyarakat kang mapan ana sakiwa-tengene ora nate kuwatir, sebab banjir iku mau wis dadi lengganan ing saben taune.

== MITOS == 
(contracted; show full)ake khase Bengawan Solo ya iku sanajan rendheng lan ketiga bayune ora beda adoh gedhene, amarga saka ekologi alam kang imbang, lingkungan lan alse isih apik. Miturut keterangane pinisepuh, saka Gresik menyang Solo wis bisa mung numpak [[prau]], semana uga sawalike. Menawa numpak kendharakan lemah, paling pol nganggo [[grobag]] lan [[andhong]]. Ora aneh menawa ana pelabuhan (bandara) ing kutha Sala, kang aran Beton, lan Nusupan. 
Ilining Bengawan Solo, wektu iku isih menggak-menggok metu kutha Solo, kang nd
huweèni anak kali kang aran Kali Pelem Wulung, Pepe, Rahman, Jenes, Tanggul, Buntung, Wingko, lan kali-kali liyane. Para raja kayata: (1) Kanjeng Pakubuwono IV kerep nglakoni tapa kungkum ing Begawan Solo, kanthi ngedegake Pesranggahan Langenharjo, ing tlatah Sukoharjo. (2) Susuhan Pakubuwono X kerep nitih prau Kyai Rajamala, saperlu pesiar ing sailining Bengawan Solo, kang diiringi para prajurit, lan dadi tontonan kang endah.

== Reged == 
(contracted; show full)== Pranala Jaba ==
{{en}}[http://en.wikipedia.org/wiki/Bengawan_Solo_River Bengawan Solo]

[[Kategori:Kali]]
[[Kategori:Kali ing Jawa Tengah]]
[[Kategori:Geografi]]

[[en:Solo River (Java)]]