Difference between revisions 965225 and 1025889 on jvwiki

'''Carita cekak''' utawa kerep dicekak dadi '''cerkak''' ya iku susastra gancar (karya sastra prosa) kang isine nyritakake sawijine lelakon kang dianggep wigati kang nduweèni kesan tunggal (kurang saka 10.000 tembung). Cerkak iku pancen awijining carita kang cekak. Nanging ora ateges yen carita cekak iku dijengengake carita cekak. Umpamane fable, dongeng lan carita rakyat minangka tuladha carita kang cekak, nanging ora bisa diarani carita cekak.
==Titikan Cerkak==
*Critane cekak
*Cacahe paraga mung sithik.
*Paraga sing dicaritakake ora nganti owah nasibe
*Critane fiktif utawa ora nyata
(contracted; show full)
*Paraga utama sing uga dijenengi ''[[protagonis]]''
*Paraga mungsuh sing uga dijenengi ''[[antagonis]]''
*Paraga tambahan sing uga dijenengi ''[[tritagonis]]''
*''Watak'' : ya iku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp) lan tandha-tandha non-fisik kang diduw
eéni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, lsp).
*''Settin''g : ya iku papan lan wektu kadadeane carita. (Papan: pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu: esuk, awan, sore, bengi).
*''Sudut Pandang'' : ya iku ing ngendi pengarang mapanake dheweke ing carita.
*''Lelewaning Basa'' : ya iku basa kang digunakake pengarang ing carita.
*''Amanat'' : piwulang kang dikandhut utawi piweling kang arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.
==Unsur Extrinsik==
*Faktor agama
*Faktor ékonomi
*Faktor pendidikan
*Faktor sosial lan faktor budaya 
==referensi==
{{Reflist}}

[[Kategori:Carita]]