Difference between revisions 966398 and 981609 on jvwiki

{{dati2|nama=Kabupateèn Kudus
|propinsi=[[Jawa Tengah]]
|ibukota=KotaKudus
|luas=425,17 km²
|penduduk=813.000 (2003)
|kepadatan=1.912
|keacamatan=9
|kodearea=0291
|lambang= [[Gambar:Lambang Kudus.jpg|120px]]
|peta= [[Gambar:Locator kabupateèn kudus.png|150px]]
|koordinat={{coor dms|6|51|0|S|110|36|0|E|}}-{{coor dms|7|16|0|S|110|50|0|E|}}
|dasar hukum=UU No. 13/1950
|tanggal=-
|motto=Nagari Carta Bhakti, SEMARAK (Sehat, Elok, Maju, Aman, Rapi, Asri & Konstitusional) 
|kepala daerah=[[Bupati]]
nama kepala daerah= [[Bupati Kudus H. Musthofa]]  
[Wakil Bupati] H. Budiyono
|web=http://www.kuduskab.go.id/
}}

'''Kudus''', iku  [[kabupateèn]] ing [[Provinsi]] [[Jawa Tengah]]. Ibu kuthane ya iku '''Kudus''', manggon ing jalur pantai utara timur Jawa Tengah PANTURA, ya iku manggon ing antarane ([[Kota Semarang|Semarang]]-[[Kota Surabaya|Surabaya]]). Manggon ing 51 km saka wetane [[Kota Semarang]]. Kabupateèn iki duweni wates karo [[Kabupateèn Pati]] ing sawetane, [[Kabupateèn Grobogan]] dan [[Kabupateèn Demak]] ing sakidule, sarta [[Kabupateèn Jepara]] ing sisih kulone. Kudus iku kutha kang misuwur [[rokok]] [[kretek]] kang gedhe ing Jawa Tengah. Saliyane iku Kudus uga misuwur kutha santri, kutha iki uga dadi pusat kembange agama Islam ana ing abad pertengahan, iku bisa dingerteni saka loro makam wali/sunan ya iku [[Sunan Kudus]] dan [[Sunan Muria]].

== Geografi ==
Sabagian gedhe ing wewengkon Kabupateèn Kudus iku dataran rendah. Sabagian wewengkon ana salore ana gunung kang arane [[Gunung Muria]], kanthi puncak kang aran [[Puncak Saptorenggo|Gunung Saptorenggo]] kang dhuwure 1.602 meter, saliyane iku uga ana Gunung Rahtawu (1.522 meter), lan Gunung Argojembangan (1.410 meter). Kali kang gedhe ya iku  [[Kali Serang]] kang jalure mangulon, mbatesi antarane Kabupateèn Kudus karo [[Kabupateèn Demak]].

== Perangan administratif ==
Kabupateèn Kudus kaperang dadi sanga [[keacamatan]], kang kaperang maneh dadi 123 [[désa]] lan 9 [[kealurahan]]. Pusat pemerintahan ana ing Keacamatan Kota [[Kudus, Kudus|Kudus]]. Kudus iku kalebu wewengkon kang cilik dhewe lan nduweni jumlah keacamatan kang paling sithik ing Jawa Tengah. Kabupateèn Kudus iku kaperang dadi telu wewengkon pembantu bupati (Kawedanan), saben kawedanan kaperang dadi telung keacamatan ya iku: (1) Kawedanan Kota (Kec. Kota, Jati dan Undaan). (2) Kawedanan Cendono (Kec. Bae, Gebog dan Kaliwungu). (3) Kawedanan Tenggeles (Kec. Mejobo, Dawe dan Jekulo).
<!-- 
[[Berkas:Pembagian administratif kabupateèn kudus.png|250px|thumb|left|Pembagian administratif Kabupateèn Kudus]]
-->

== Wacana Pemekaran Keacamatan ==
Wacana Pemekaran Keacamatan (sing suk mben) sing ana ing  wewengkon [[Kabupateèn Kudus]], ya iku:
* [[Keacamatan Muria]], kang dadi mekarane saka Keacamatan Dawe, sing kaperang désa antarane ana désa [[Colo]], [[Kajar]], [[Japan]], [[Cranggang]], [[Tergo]], [[Glagah Kulon]].
* [[Keacamatan Menawan]], kang dadi mekarane saka Keacamatan Dawe, sing kaperang désa antarane ana désa [[Menawan]], [[Rahtawu]], [[Puyoh]], [[Soco]] lan [[Ternadi]].
* [[Keacamatan Babalan]], kang dadi mekarane saka Keacamatan Undaan, sing kaperang désa antarane ana désa [[Kalirejo]], [[Medini]], [[Sambung]], [[Lambangan]], [[Glagahwaru]], [[Kutuk]], [[Terangmas]] lan [[Berugenjang]].
* [[Keacamatan Prambatan]], kang dadi mekarane saka Keacamatan Kaliwungu dan Gebog  sing kaperang désa antarane ana désa [[Prambatan Kidul]], [[Prambatan Lor]], [[Bakalan Krapyak]], [[Garung Lor]], [[Garung Kidul]], [[Karangampel]] lan [[Gribig]].
* [[Keacamatan Jepang]], kang dadi mekarane saka Keacamatan Mejobo dan Jati, sing kaperang désa antarane ana désa [[Jepang]], [[Gulang]], [[Payaman]], [[Jepangpakis]], [[Megawon]] lan [[Loram Wetan]].
* [[Keacamatan Ngembal]], kang dadi mekarane saka Keacamatan Bae, sing kaperang désa antarane ana désa [[Ngembalrejo]], [[Dersalam]], [[Karangbener]], [[Ngembal Kulon]], [[Tumpang Krasak]] lan [[Honggosoco]].
* [[Keacamatan Bulung]], kang dadi mekarane saka Keacamatan Jekulo, sing kaperang désa antarane ana désa [[Bulung Kulon]], [[Bulung Cangkring]], [[Sadang]], [[Sidomulyo]] lan [[Gondoharum]].

Saliyane ana pamekaran Keacamatan, uga ana wacana pemekaran Kawedanan (Pembantu Bupati), sing awitane ana telung Kawedanan (Cendono, Kudus lan Tenggeles), banjur dimekarke dadi lima wewengkon, ya iku:
* Wewengkon [[Kudus Lor]], sing pusate ing [[Kutha Cendono]].
* Wewengkon [[Kudus Kulon]], sing pusate ing [[Kutha Jetak]].
* Wewengkon [[Kudus Pusat]], sing pusate ing [[Kutha Kudus]].
* Wewengkon [[Kudus Wetan]], sing pusate ing [[Kutha Bareng]].
* Wewengkon [[Kudus Kidul]], sing pusate ing [[Kutha Wates]].

== Industri ==
Perkembangan perékonomian ing kutha Kudus iku duweni pengaruh kang gedhe ing industri bangsa kita [[Indonesia]]. Ing antarane ana perusahaan industri kang gedhe ya iku PT. Djarum, PT. Petra, PR. Sukun, PT. Nojorono. PT.Hartono Istana Electronic (d/h Polytron), PT. Pura, PT. Kudos, lan akeh ewonan perusahaan industri kecil lan menengah kang kasebar ing sakabehe wewengkon Kudus.

== Pariwisata ==
Wisata religi lan budaya:
* [[Masjid Menara Kudus]] kang digawé ing [[abad ke-16]], bangunan iki duweni arsitektur [[Jawa]], [[Hindu]], lan [[Islam]]. 
[[Gambar:COLLECTIE TROPENMUSEUM Tempel in Kudus TMnr 60025458.jpg|240px]]
* Makam [[Sunan Kudus]] (di kutha Kudus) mangulon saka alun-alun [[simpang tujuh]] ya iku salah sijine [[walisanga]] (penyebar agama [[Islam]] di tanah [[Jawa]])
[[Gambar:COLLECTIE TROPENMUSEUM Sultansgraven in de moskee van Koedoes TMnr 10016645.jpg|240px]]
* Makam [[Sunan Muria]] (ing daerah [[Colo, Dawe, Kudus|Colo]] Keacamatan Dawe). Uga salah sijine walisanga (penyebar agama Islam di tanah Jawa)

Wisata alam:
* Air Terjun [[Monthel]] ana ing Colo keacamatan Dawe.
* [[Puncak Songolikur]] (ing [[Rahtawu, Gebog, Kudus|Rahtawu]] keacamatan Gebog) Puncak sing paling dhuwur dhewe ing Gunung Muria.
* Puncake Gunung Muria liyane asring diwisatani, kayata Puncak Argojembangan, Argowiloso. Kekarone ana ing Keacamatan Dawe.
* Air Tiga Rasa (Rejenu) lan makam Syeh Sadzil. Ana ing [[Japan, Dawe, Kudus|Japan]], Keacamatan Dawe.
* Pesanggrahan Colo ([[Colo, Dawe, Kudus|Colo]]) ing Keacamatan Dawe.
* Bumi Perkemahan Abiyoso ing [[Menawan, Gebog, Kudus|Menawan]] Keacamatan Gebog.
* Bumi Perkemahan Kajar ([[Kajar, Dawe, Kudus|Kajar]] Keacamatan Dawe)

Saliyane uga ana:
* [[Museum Kretek]] kang dadi  bukti sejarahe kutha Kudus kang dadi kutha gawé [[rokok kretek]] kang paling gedhe ing [[Indonesia]] ing antarane ana (PT Djarum, PT Nojorono, PR Sukun, PR Jambu Bol, PR Pamor, PR Djanur Kuning). 
* Kinder Garten
* Replika Menara
* Bangunan khas Kudus dikenal dengan nama ''Gebyog Kudus''.

== Panganan lan jajanan khas Kudus ==
[[Gambar:Soto Kudus.jpg|right|200px]]
* [[Jenang]] Kudus: wong-wong asring ngertine "dodol" nanging duweni tekstur lan rasa kang beda karo dodol sing ana. Akeh banget pabrike PJ. (Pabrik Jenang) kayata: PJ. Mubarok, PJ. Menara, PJ. Rizqia, lsp.
* [[Soto Kudus]]: soto ing Kudus misuwur ana rong werna ya iku, soto ayam dan soto kebo. Beda ing antarane soto-soto liyane, soto Kudus nduweni cita rasa kang manis lan sathithik luwih encer, lan daginge saka daging Kebo ora daging Sapi amarga wong Kudus nduweni kapercayan ora entuk nyembeleh Sapi. Amanate Njeng [[Sunan Kudus]]
* [[Lentog]]: ya iku panganan khas kang gayeng ing wayah esuk. Bahan-bahane antarane tahu semur, endhog, lontong lan jangan lodeh (woh nangka enom). 
Kala emben, sing dodolane ana ing Deésa Tanjungkarang (Tanjung), ananging saiki wis sumebar ing sakabehane pelosok kutha Kudus. Sing unik utawa khase saka lentog ya iku ukuran lontonge kang gedhene sapupu / betise wong dewasa.
* [[Sate Kebo]]: sate kang digawé saka daging kebo, sing disajike ora kaya biyasane, ananging saka daging sing dikethok-kethok lan dicincang alus, banjur didokok ing batang sate nganggo bumbu kecap, klapa (srundeng) lan kacang, rasane meh mirip padha karo dendeng.
(contracted; show full)bal saka Semarang. Tahu putih khas Kudus, digoreng setengah mateng utawa mateng bajur dikethok-kethok dadu, banjur ditambahi sega utawa lontong sasenenge dhewe. Dipupuki cambah godhogan lan seledri rajang sing menehi aroma kang seger. Yen ta ana sing seneng nganggo 'cungor' utawa bibir sapi sing dibacem, ngomonga wae marang bakule. Ing pungkasane diwenehi bumbu kecap sing nduweni aroma bawang putih kang sedep banjur disiramke.

== Cathetan Suku ==
* [http://www.kuduskab.go.id/ Situs Resmi Kabupat
eèn Kudus]

{{Kabupateèn Kudus}}
{{jateng}}

[[Kategori:Kabupateèn di Jawa Tengah|Kudus]]
[[Kategori:Kabupateèn di Indonesia|Kudus]]
[[Kategori:Kabupateèn Kudus| ]]