Difference between revisions 991627 and 997813 on jvwiki

{{Orphan|date=Maret 2016}}

{{gabungmenyang|Bengawan Sala}}
== Bengawan == 
[[Gambar:Bengawan Solo topography map.png|300px|right|kali Bengawan Solo]]
Solo, mujudake kali paling dawa ing Pulo jawa kang nduweèni carita werna-werna. Bengawan kang sumbere saka pengunungan seribu iku, tumeka saiki isih banjir, senajan wis digawé sudhetan. Menawa banjir, pancen nggegirisi. Dene yen ketiga banyune mung sethithik, mili angler, nanging miline banyu kang angler mau, kecampuran karo limbah pabrik saka wewengkon kabupaten Karanganyar, kang nyebabke ambune kaya bathang, sengak lan liya-liyane. Menawa ngepasi banjir, atussan omah kerep keleban, kayata: Sragen, Ngawi, Bojonegoro, Tuban, Lamongan, lan sakiwa-tengene. Banjir iku amarga saka polahane manungsa dhewe, jalaran alas lan lingkungan ing sakilining Bengawan Solo iku wis padha rusak, ditebangi (dutegor). Sanajan kerep banjir, warga masyarakat kang mapan ana sakiwa-tengene ora nate kuwatir, sebab banjir iku mau wis dadi lengganan ing saben taune.

== MITOS == 
[[Gambar:Bojonegoro bengawan solo.jpg|200px|right|Bengawa Solo ing Bojonegoro]]
Banjir ing Bengawan Solo iku kerep disambungake karo caritane Nyi Rara Kidul, kang mujudake ratu ayu kaya widodari. Ratu Kidul duweé pirang-pirang wadya bala, kang saperangan akeh memba dadi wujud ula lan naga. Pandegane ya iku patihe kang aran Nyi Blorong. Watake beda antarane ratu lan patihe kaya bumi karo langit, ya iku Nyi Rara Kidul (ratu) kang watake apik, seneng tetulung, lan paring pepadhang kayata: Sultan Agung (ratu ing Mataram) sultan ana kasultanan (Ngayogjakarta) lan kasunanan (Surakarta Hadiningrat), uga ngraketake seduluran karo panguwasa ing Gunung merapi kang arane mbah Petruk, lan panguwasa ing Gunung lawu kang aran mbah Suwirya (Eyang lawu). 
Nyi Blorong kang kerep didadekake utusan menyang seduluran mau. Ananging eleke dheweke kerep menggok ana dalan, ngganggu menungsa lan liya-liyane. Menawa lagi usum udan deres, kali kang mili banyu kerep didadekake dalan tumuju panggonan kang dituju Nyi Blorong mau. Wong kang nduweèni mata batin mesthi ngerteni menawa ana kali banjir ing kono akeh ula silumanekang bisa katon biyasane pethit (bunthut) utawa endhase. Bebarengan karo iku, ana damar (saka botol kang diwenehi uceng-uceng), kang mujudake lampu kanggo mlaku ing wayah wengi. Sinare katon kelip-kelip ing wayah surup tumeka bengi kang ngepasi kali lagi bajir.
== Miline mandhuwur == 
(contracted; show full)== Pranala Jaba ==
{{en}}[http://en.wikipedia.org/wiki/Bengawan_Solo_River Bengawan Solo]

[[Kategori:Kali]]
[[Kategori:Kali ing Jawa Tengah]]
[[Kategori:Geografi]]

[[en:Solo River (Java)]]