Difference between revisions 997124 and 1003284 on jvwiki{{Gabung|Kunthi}} Dewi Kunthinalibrata utawa Dewi Kunthi ing carita Mahabharata iku putri Prabu Kuntiboja. Putri iki sedulure Arya Basudewa (bapake Baladéwa), Kresna lan Subadra. Dewi Kunti punikah kalian Prabu Pandu, raja ing nagara Astina, putranipun Bagawan Abiyasa kalian Dewi Ambiki. Dewi Kunthi iku ibune Yudhistira, Werkodara (Bima), lan Arjuna lan uga bojo pisanane Pandhu Dewanata. Saliyane seka Pandhu, Kunthi uga peputra Karna seka sesambungane klawan Bathara Surya. Asal-usul Bapake Kunthi iku Raja Surasena seka Wangsa Yadawa, lan wiwit bayi kaparingan jeneng Pritha. Banjur dipek anak déning Raja Kuntiboja. Wiwit iku Pritha nganggo jeneng Kunthi. Sakbanjure Kunti dadi putrine, Raja Kuntiboja dianugerahi anak. Lelampahan Nalika Kunthi isih mudha, dheweke kaparingan mantra seka Resi Durwasa supaya bisa nekakake dewa-dewi. Sawijining dina, Kunthi nyoba ngundhang Bathara Surya. Surya pancen terus rawuh lan banjur ndangu apa sing dikarepake Kunthi. Kunthi malah nyuwun supaya Surya kondur wae. Amarga Kunthi wis ngundang nanging ora ana kekarepane, Surya menehi anak. Kunthi rumangsa ora butuh anak amarga isih prawan. Anak didelehake ing kranjang lan dikentirake ing kali Aswa. Anak iku banjur ditemokake déning kusir kraton Hastinapura utawa Astina sing jenenge Adirata. Anak iku diparingi jeneng Karna. Kunthi banjur dhaup klawan Pandhu, raja ing Astina nanging ora nduwe anak. Saliyane karo Kunthi, Pandhu uga dhaup karo Madrim. Nalika Pandhu kudu urip ing alas, Kunthi ngetokake mantrane maneèh. Kunthi ngundang telung dewa lan nyuwun putra. Putra pambajeng Yudhistira seka dewa Yama, keloro Bima seka Dewa Bayu, lan katelu Arjuna seka dewa Indra. Madrim uga banjur diajari migunakake mantra iku lan peputra kembar: Nakula lan Sadewa, seka dewa Aswin. Putra lima mau banjur kawentar kanthi sebutan Pandhawa . Sasedane Pandhu lan Dewi Madrim, Kunthi ngemong Nakula lan Sadewa, anake Pandhu seka Dewi Madrim . Sarampunge Bharatayudha, dheweke lan sedulur ipene, Dretarastra, Gandari, lan Widura lunga tapa ning hutan kanggo ninggalke kehidupan duniawi.Mereka nyerahake kerajaan kalian Yudistira. Ing jero hutan kunti lan sedulure kebakar api sucine dewe nganti tilar ndonya . All content in the above text box is licensed under the Creative Commons Attribution-ShareAlike license Version 4 and was originally sourced from https://jv.wikipedia.org/w/index.php?diff=prev&oldid=1003284.
![]() ![]() This site is not affiliated with or endorsed in any way by the Wikimedia Foundation or any of its affiliates. In fact, we fucking despise them.
|