Revision 1001691 of "Ibnu Sina" on jvwiki

{{gabung|Avicenna}}
'''Ibnu Sina''' ya iku pelopor elmu [[kedhokteran]].<ref name="internet 1">{{id}} [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.''105 Tokoh dan Perintis Dunia''.Yogyakarta:Narasi Hal. 135]</ref> Déning wong Barat, dheweke diarani [[Avicenna]].<ref name="internet 1"/>

Jeneng dhawane ya iku Abu Ali Al-Huseyn bin Abdullah bin Hasan Ali bin Sina.<ref name="internet 2">{{id}} [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.''105 Tokoh dan Perintis Dunia''.Yogyakarta:Narasi Hal. 136]</ref> Ibnu Sina lair ing [[Bukhara]], [[Uzbelistan]], sasi Agustus 980 M.<ref name="internet 2"/> Bapake ya iku Gubernur Bukhara ing mangsa [[Dinasti Samaniah]] kanthi aran Sultan Samanish Nuh II bin Mansyur (819 M-1005 M).<ref name="internet 2"/> nalika umur 10 taun, dheweke wis bisa ngapalake [[Al Quran]] 30 jus.<ref name="internet 2"/> Banjur nalika umur 16 taun, dheweke uga wis nguwasani pirang-pirang elmu ing antarane ya iku [[filsafat]], [[ukum]], [[logika]], [[matematika]], [[fisika]], [[pulitik]], lan kedhokteran.<ref name="internet 2"/> Elmu kedhokteran bisa dikuwasani kanthi wektu kang cepet ya iku 1,5 taun.<ref name="internet 2"/> Anggone sinau, uga tanpa [[guru]].<ref name="internet 2"/> Nalika umur 18 taun, dheweke uga wis praktik dadi [[dhokter]].<ref name="internet 2"/> Jeneng Ibnu Sina dadi misuwur kawit kasil anggone nambani penyakit [[Raja Nuh bin Mansyur]]  ya iku penguwasa Dinasti Samaniah.<ref name="internet 2"/> Minangka upahe, Ibnu Sina ditawani dadi dhokter ing istana lan dijamin urip kepenak, nanging Ibnu Sina ora gelem nampa upah mau.<ref name="internet 2"/> Dheweke mung  kepengin bisa maca buku kang ana ing [[perpustakaan]] istana.<ref name="internet 2"/> Sawise maca buku-buku kang ana ing perpustakaan mau, elmu Ibnu Sina sansaya ngrembaka.<ref name="internet 2"/> Ibnu Sina tinggal donya nalika umur 58 taun nalika lelungan bareng pemimpin [[Isfahan]].<ref name="internet 2"/>

== Cathetan suku ==
{{reflist}}

[[Kategori:Penemu]]
[[Kategori:Lair 980]]
[[Kategori:Pati 1037]]