Revision 1073369 of "Carita cekak" on jvwiki

'''Carita cekak''' utawa kerep dicekak dadi '''cerkak''' ya iku susastra gancar (karya sastra prosa) kang isine nyritakake sawijine lelakon kang dianggep wigati kang nduwèni kesan tunggal (kurang saka 10.000 tembung). Cerkak iku pancen awijining carita kang cekak. Nanging ora ateges yèn carita cekak iku dijengengake carita cekak. Umpamane fable, dongeng lan carita rakyat minangka tuladha carita kang cekak, nanging ora bisa diarani carita cekak.
==Titikan Cerkak==
*Critane cekak
*Cacahe paraga mung sithik.
*Paraga sing dicaritakake ora nganti owah nasibe
*Critane fiktif utawa ora nyata
*Pokoking carita (masalah) tumuju marang sawijinng carita, kang njalari efek tunggal lan kesan tunggal.
*Ngandharake perkara kang winates karo bab-bab kang penting wae
*Ngandharake prastawa kang tliti lan cetha uga prayoga
*Manawa ditulis mung antarane 4 tekan 10 kaca
==Unsur Intrinsik==
*''Tema'' : ya iku sing dadi underane prakara carita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lsp.
*''Alur'' : ya iku bakune carita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian)
*Alur maju (Progresif) ya iku alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse.
*Alur mundur (Regresif) ya iku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kepungkur.
*Alur campuran
*''Tokoh'' : ya iku pelaku kang mbangun carita. Paraga kaperang dadi loro, ya iku paraga pokok (tokoh utama) lan paraga kang sipate mbyantu (tokoh pembantu). 
*Paraga utama sing uga dijenengi ''[[protagonis]]''
*Paraga mungsuh sing uga dijenengi ''[[antagonis]]''
*Paraga tambahan sing uga dijenengi ''[[tritagonis]]''
*''Watak'' : ya iku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp) lan tandha-tandha non-fisik kang diduwéni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, lsp).
*''Settin''g : ya iku papan lan wektu kadadeane carita. (Papan: pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu: esuk, awan, sore, bengi).
*''Sudut Pandang'' : ya iku ing ngendi pengarang mapanake dheweke ing carita.
*''Lelewaning Basa'' : ya iku basa kang digunakake pengarang ing carita.
*''Amanat'' : piwulang kang dikandhut utawi piweling kang arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.
==Unsur Extrinsik==
*Faktor agama
*Faktor ékonomi
*Faktor pendidikan
*Faktor sosial lan faktor budaya 
==referensi==
{{Reflist}}

[[Kategori:Carita]]