Revision 1267999 of "Hexapoda" on jvwiki{{rapèkaké}}
{{Taxobox
| name = Serangga
| fossil_range = [[Karbonifer]] - Masa kini
| image = Plumpollen0060.jpg
| image_width = 250px
| regnum = [[Animalia]]
| phylum = [[Arthropodaa]]
| subphylum = Hexapoda
| classis = '''Insecta'''
| classis_authority = [[Carolus Linnaeus|Linnaeus]], 1758
| subdivision_ranks = Ordo
| subdivision =
''lihat teks''
}}
'''Serangga''' (disebat uga '''''Insecta''''', diwaca "insekta") ya iku kelompok utama saka kéwan beruas ([[Arthropoda]]) kang ber[[tungkai]] enam (tiga pasang); amarga iku disebut uga '''''Hexapoda''''' (saka [[basa Yunani]] kang artiné "sikil enam") <ref name="Biologi Edisi Kelima Jilid 2">Campbell, N.A,J.B. Reece, dan L.G. Mitchell, 2003. Biologi Edisi Kelima Jilid 2. ISBN : 979-688-469-0. Jakarta: Erlangga.</ref>
Babagan kang nyinaoni peri panguripan serangga disebut [[entomologi]]<ref name="Biologi Edisi Kelima Jilid 2"/> Serangga kegolong ning kelas [[insekta]] (subfilum Uniramia) kang dibagi manèh dadi 29 [[ordo]], watarané [[Diptera]] (misalé laler), [[Coleoptera]] (misalé wangwung), [[Hymenoptera]] (misalé semut, tawon, lan [[tabuhan]]), lan Lepidoptera (misalé kupu-kupu lan ngengat)<ref name="Study of Insect.Ed-7">Borror et al. 2005. Study of Insect.Ed-7. Amérika: Thomson Brook/ Cole.</ref>. Kelompok Apterigota iku tuladhané 4 ordo amarga kabehe serangga kang wis diwasa ora duwé swiwi, lan 25 ordo liyané kagolong kelompok Pterigota amarga duwé swiwi <ref name="Study of Insect.Ed-7"/>.
== Sajarah ==
* Waneka warna serangga wis ditemukaké ning [[periode Carboniferous]] (kira-kira 300 yuta taun mbiyen).<ref name="Biologi Edisi Kelima Jilid 2"/>
* Nalika [[periode Permian]] (270 yuta taun mbiyen) ana kelompok serangga wis bisa madani wentuké kang ditemuni saiki.<ref name="Biologi Edisi Kelima Jilid 2"/>
* [[Swiwi]] ning serangga mungkin ning wiwitané berevolusi dadi perluasan kutikula kang mbantu awaké serangga iku nyerap panas, sawisé iku dadi [[organ]] kanggo mabur <ref name="Biologi Edisi Kelima Jilid 2"/> Ana jare liya, manawa swiwi iku bisa waé kanggo ngluncur saka vegetasi mring lemah, utawa malah bisa
kanggo [[insang]] ning sajeroné serangga [[akuatik]].<ref name="Biologi Edisi Kelima Jilid 2"/> Hipotesis liyané nyebut manawa swiwi serangga gunané kanggo nglangi sadurungé kéwan iki mabur<ref name="Biologi Edisi Kelima Jilid 2"/>
=== Metamorfosis Ning Serangga ===
Kéwan iki uga duwé ciri-ciri klasik [[metamorfosis]]. Ngal serangga nemuni prosès owah-owahan wujud saka [[endhog]] nganti mring wentuk diwasa kang siyap [[reproduksi]]. Pergantian tahap bentuké awak iki sering didelok dramatis. Ning sakjeroné tahap mau iku uga kedadean prosès "pergantian kulit" kang racaké disebut prosès [[pelungsungan]]. Tahap-tahap iki mau sebut '''[[instar]]'''. Ordo-ordo serangga sering ditandani déning anané tipe metamorfosisnya.
==Cathetan suku==
{{reflist}}
== Rujukan ==
* Borror et al. 2004. Study of Insect.Ed-7. Amérika: Thomson Brook/ Cole.
* Borror et al. 2005. Study of Insect.Ed-7. Amérika: Thomson Brook/ Cole.
* Campbell, N.A,J.B. Reece, dan L.G. Mitchell, 2003. Biologi Edisi Kelima Jilid 2. ISBN : 979-688-469-0. Jakarta: Erlangga.
* Gandjar. 1997. Prosiding Seminar Nasional Biologi XV, Universitas Lampung, ISBN :9798287177. Lampung: Perhimpunan Biologi Indonesia.
* Suranto A. 2004. Khasiat & Manfaat Madu Herbal. ISBN 9793702028. Jakarta: AgroMedia.
{{Animalia}}
[[Kategori:Serangga| ]]
[[got:𐌹𐌽𐍃𐌴𐌺𐍄𐌰]]All content in the above text box is licensed under the Creative Commons Attribution-ShareAlike license Version 4 and was originally sourced from https://jv.wikipedia.org/w/index.php?oldid=1267999.
![]() ![]() This site is not affiliated with or endorsed in any way by the Wikimedia Foundation or any of its affiliates. In fact, we fucking despise them.
|