Revision 785188 of "Damien Dematra" on jvwiki[[Gambar:Damien Dematra.jpg|thumb|250px|Damien Dematra]]
'''Damien Demartra''' yaiku penulis, penulis skenario, sutradara, lan produser kang lair tanggal [[25 Februari]]. Ora mung nyambut gawe ing donya nyerat lan produser, dheweke uga fotografer internasional lan pelukis.<ref name="Damien 1">{{id}}[http://selebriti.kapanlagi.com/indonesia/d/damien_dematra/ biografi Damien Dematra] dipununduh tanggal 24 September 2011</ref>
Karya-karyané kang wis diripta kuwi 62 novel nganggo basa Inggris lan [[Indonésia]],
57 skenario [[film]] lan serial TV, uga mproduksi 28 [[film]].<ref name="Damien 1"/>
Sawijining [[film]] kang kang ngawe jenengé kuwi [[film]] kang judulé OBAMA ANAK MENTENG, kang nyaritakaké Presiden Amerika Serikat kang tau manggon ing [[Indonésia]].<ref name="Damien 1"/>
Ing donya fotografer, dheweké tau entuk gelar paling dhuwur yakuwi [[Fellowship]] bidang Potraiture lan Art Photography saka Master Photographer Association.<ref name="Damien 1"/>
Bebungah internasional uga tau ditampa dening dheweké, kayata Master Photographer of the Year.<ref name="Damien 1"/>
Ing donya seni uga tanggung-tanggung, Damien tau ngaripta 365 karya lukis kang digarap ing wektu setaun.<ref name="Damien 1"/>
Novel kang tau diserat dening dheweké kuwi kayata Yogyakarta,
Obama dari Asisi, Si Anak Panah, Ketika Aku Menyentuh Awan, Obama, Anak Menteng, Si Anak Kampoeng
(novel kang digawe babagan kisah nyata [[Buya Syafii Maarif]]).<ref name="Damien 1"/>
Karya liyané kuwi ''Sejuta Doa untuk Gus Dur, Sejuta Hati untuk Gus Dur, Ternyata Aku Sudah Islam'' (novel kang inspirasiné saka kisah nyata grup musik [[Debu]]),
''Demi Allah, Aku Jadi Teroris, Tuhan, Jangan Pisahkan Kami, Soulmate-Belahan Jiwa, Angels of Death-Kumpulan Kisah Malaikat Maut,
If Only I Could Hear-Kisah Suara Hati''.<ref name="Damien 1"/>
Damien uga nulis rong novel liyané kang nganggo basa liya, yakuwi ''Tarian Maut'' (Katyana) lan ''Ku Tak Dapat Jalan Sendiri'' (Mark Andrew).<ref name="Damien 1"/>
Novelé kang dijadwalaké bakal diterbitaké dening Gramedia yakuwi Kartosoewirjo: Pahlawan atau Teroris?
(novel sejarah), Demi Allah, Anakku Jadi Teroris (bakal difilmaké) lan Mama, Aku Harus Pergi.<ref name="Damien 1"/>
Damien nyiptakaké rekor donya lukis paling cepet, kang dilakoni ing ngarepé [[Jaya Suprana]], pimpinan Musium Rekor Indonésia (MURI) lan didelengi puluwan media massa nasional lan international.<ref name="Damien 1"/>
Damien Dematra kuwi sing nggagas lan dadi koordinator nasional Gerakan Peduli Pluralisme lang dicetusaké nalika [[Februari]] 2010 kanggo menehaké apresiasi
marang perjuangan pluralisme [[Buya Ahmad Syafii Maarif]] lan [[Gus Dur]], para guru bangsa.<ref name="Damien 1"/>
Ora mung kuwi, dheweke uga dadi ketua Gerakan Nasional Menulis (GNM).<ref name="Damien 1"/>
Sasi [[September]] 2011, dheweké entuk papat bebungah sakaligus. Ing ajang Los Angeles Movie Awards, jebulé film kang judulé ''SI ANAK KAMPOENG'' wis ndisiki entuk panghargaan ing ajang American International Film Festival (AIFF) ing [[Amerika Serikat]].<ref name="Damien 2">{{id}}[http://www.kapanlagi.com/showbiz/film/indonesia/si-anak-kampoeng-raih-6-penghargaan-amerika.html berita Damien Dematra] dipununduh tanggal 24 September 2011</ref>
Ora nangung-nangung, ana enem bebungah kang langsung ditarima dening dheweké.<ref name="Damien 2"/>
Bebungah kang ditarima dening dheweké yakuwi kategori Film Carita Paling Apik,
kategori Sutradara Film Paling Apik, kategori Film Asing Paling Apik, kategori Sutradara Film Asing Paling Apik, Film Paling Apik Kanggo Kategori Film 35 mm lan
kategori Sutradara Paling Apik Kanggo Kategori Film 35 mm.<ref name="Damien 2"/>
Film SI ANAK KAMPOENG Nyaritakaké bab jaman ciliké [[Buya Syafii Maarif]] karo setting taun 1930 nganti 1950.<ref name="Damien 2"/>
Film iki diputer awit sasi [[April]] ing bioskop-bioskop [[Indonesia]].<ref name="Damien 2"/>
== Cathetan Suku ==
{{Reflist}}
{{rintisan}}
[[Kategori:Tokoh]]
[[en:Damien Dematra]]
[[id:Damien Dematra]]All content in the above text box is licensed under the Creative Commons Attribution-ShareAlike license Version 4 and was originally sourced from https://jv.wikipedia.org/w/index.php?oldid=785188.
![]() ![]() This site is not affiliated with or endorsed in any way by the Wikimedia Foundation or any of its affiliates. In fact, we fucking despise them.
|