Revision 884474 of "Bambang Sugianto" on jvwiki

{{Infobox Governor
| honorific-prefix    = 
| name                = Bambang Sugianto
| honorific-suffix    = S.H., M.H.
| image               = Bambang Sugianto.png
| imagesize           = 300px
| office              = Wakil Bupati
| state               = Kepahiang
| order               = 
| term_start          = [[7 Agustus]] [[2010]]
| term_end            = [[7 Agustus]] [[2015]]
| vice                = 
| predecessor         = 
| successor           = 
| office2             = 
| state2              = 
| order2              = 
| vice2               = 
| term_start2         = 
| term_end2           = 
| predecessor2        = 
| successor2          = 
| term_start3         = 
| term_end3           = 
| birth_date          = [[1 Januari]] [[1969]]
| birth_place         = [[Daspetah, Ujan Mas, Kepahiang|Daspetah]], [[Kepahiang]]
| nationality         = [[Indonesia]]
| occupation          = [[Dosen]]{{br}}[[Politikus]]{{br}}[[Pengusaha]]
| party               =
| parent              = Muchtar (ayah) {{br}} Hayuna (ibu)
| spouse              = Hesta Heviyanti
| alma_mater          = [[Universitas Sumatera Utara]] (S-2)
| religion            = [[Islam]]
| website             = 
}}
'''Bambang Sugianto, S.H., M.H.''' ({{lahirmati|[[Daspetah, Ujan Mas, Kepahiang|Daspetah]]|1|1|1969}}) yaiku wakil bupati [[kabupaten Kepahiang]] adhedhasar asil [[Daftar pemilihan umum kepala daerah di Indonesia 2010|Pemilihan Kepala Daerah Langsung pada tahun 2010]] kangge periode [[7 Agustus]] [[2010]] tekan [[7 Agustus]] [[2015]]. Dheweke genteni Abasri DJ, S.Sos. kang njabat minangka wakil bupati kabupaten Kepahiang periode 2005-2010.

== Profil ==
Cilikane nganti namatake [[SMA]], dheweke mapan ing [[Curup]]. Sawise namatake SMA taun 1988, dheweke ngalih ing  [[Palembang]] kanggo [[kuliah]] ing fakultas hukum lan lulus taun 1992. Taun 1995-1997, dheweke nerusake ing program magister (S-2) ing [[Universitas Sumatera Utara]].

Sawise namatake pendidikan S-1 taun 1992, dheweke dadi dosen ing saperangan universitas ing Palembang, antarane  [[Universitas Satyakirti]], [[Sekolah Tinggi Ilmu Hukum Sumpah Pemuda]], lan [[Universitas Kader Bangsa]]. Ing taun 1997, dheweke gabung ing PDI Pro-Mega. Taun 1999, dheweke pinilih dadi anggota DPRD [[Sumatera Selatan]] periode 1999-2004 saka fraksi [[Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan]]. Sajroining karire ing  DPRD Sumatera Selatan, dheweke dipercaya suwene 5 taun minangka pimpinan komisi A bidang pemerintahan, lan minangka sekretaris fraksi Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan. Sawise masa jabatane minangka anggota DPRD, dheweke dipercaya maneh dadi DPRD Sumatera Selatan minangka staf ahli ing bidang pemerintah saka taun 2005-2010.

==  Kapribadhen ==
Bambang Sugianto yaiku anak sepisanan saka telung paseduluran. Dheweke kawis karo Hesta Heviyanti.

== Pranala luar ==
* {{id}} [http://www.kepahiangkab.go.id/ Bambang Sugianto di situs web Kepahiang] 
* {{id}} [http://bengkulu-online.com/j0/index.php?option=com_content&view=article&id=887:bandodanrosjonsyahpositifdilantiksenin&catid=53:berita&Itemid=78 Pelantikan Bando Amin – Bambang Sugianto sebagai Bupati/Wakil Bupati Kepahiang]
* {{id}} [http://smansa-kph.com/index.php?limitstart=1 Perayaan hari jadi SMA Negeri 1 Kepahiang yang ke-28 yang secara resmi dibuka oleh Wakil Bupati Kepahiang]

{{indo-bio-stub}}

{{DEFAULTSORT:Sugianto, Bambang}}

[[Kategori:Wakil bupati]]
[[Kategori:Kelahiran 1969|Kelahiran 1969]]
[[Kategori:Tokoh Rejang]]
[[Kategori:Tokoh Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan]]