Revision 931135 of "Cerkak" on jvwiki

'''Cerkak''' yaiku susatra gancar (karya sastra prosa) kang isine nyritakake sawijine lelakon kang dianggep wigati kang nduweni kesan tunggal (kurang saka 10.000 tembung). Cerkak iku pancen awijining crita kang cekak. Nanging ora ateges yen crita cekak iku dijengengake crita cekak. Umpamane fable, dongeng lan crita rakyat minangka tuladha crita kang cekak, nanging ora bisa diarani crita cekak.
==Titikan Cerkak==
*Critane cekak
*Cacahe paraga mung sithik.
*Paraga sing dicritakake ora nganti owah nasibe
*Critane fiktif utawa ora nyata
*Pokoking crita (masalah) tumuju marang sawijinng crita, kang njalari efek tunggal lan kesan tunggal.
*Ngandharake perkara kang winates karo bab-bab kang penting wae
*Ngandharake prastawa kang tliti lan cetha uga prayoga
*Manawa ditulis mung antarane 4 tekan 10 kaca
==Unsur intrinsik==
#Tema : Yaiku sing dadi underane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lsp.
#Alur : Yaiku bakune cerita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian).
*Alur maju (Progresif) yaiku alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse.
*Alur mundur (Regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kepungkur.
* Alur campuran 
#Tokoh :  Paraga
#Watak : sifate paraga
#Setting          : papan kadadean
#Amanat         : piwulang kang dikandhut
==Unsur ekstrinsik==
*Faktor agama
*Faktor ekonomi
*Faktor pendidikan
*Faktor sosial lan faktor budaya 
==referensi==
{{Reflist}}