Revision 963951 of "Kudus" on jvwiki{{dati2|nama=Kabupaten Kudus
|propinsi=[[Jawa Tengah]]
|ibukota=KotaKudus
|luas=425,17 km²
|penduduk=813.000 (2003)
|kepadatan=1.912
|kecamatan=9
|kodearea=0291
|lambang= [[Gambar:Lambang Kudus.jpg|120px]]
|peta= [[Gambar:Locator kabupaten kudus.png|150px]]
|koordinat={{coor dms|6|51|0|S|110|36|0|E|}}-{{coor dms|7|16|0|S|110|50|0|E|}}
|dasar hukum=UU No. 13/1950
|tanggal=-
|motto=Nagari Carta Bhakti, SEMARAK (Sehat, Elok, Maju, Aman, Rapi, Asri & Konstitusional)
|kepala daerah=[[Bupati]]
nama kepala daerah= [[Bupati Kudus H. Musthofa]]
[Wakil Bupati] H. Budiyono
|web=http://www.kuduskab.go.id/
}}
'''Kudus''', iku [[kabupaten]] ing [[Provinsi]] [[Jawa Tengah]]. Ibu kuthane yaiku '''Kudus''', manggon ing jalur pantai utara timur Jawa Tengah PANTURA, yaiku manggon ing antarane ([[Kota Semarang|Semarang]]-[[Kota Surabaya|Surabaya]]). Manggon ing 51 km saka wetane [[Kota Semarang]]. Kabupaten iki duweni wates karo [[Kabupaten Pati]] ing sawetane, [[Kabupaten Grobogan]] dan [[Kabupaten Demak]] ing sakidule, sarta [[Kabupaten Jepara]] ing sisih kulone. Kudus iku kutha kang misuwur [[rokok]] [[kretek]] kang gedhe ing Jawa Tengah. Saliyane iku Kudus uga misuwur kutha santri, kutha iki uga dadi pusat kembange agama Islam ana ing abad pertengahan, iku bisa dingerteni saka loro makam wali/sunan yaiku [[Sunan Kudus]] dan [[Sunan Muria]].
== Geografi ==
Sabagian gedhe ing wewengkon Kabupaten Kudus iku dataran rendah. Sabagian wewengkon ana salore ana gunung kang arane [[Gunung Muria]], kanthi puncak kang aran [[Puncak Saptorenggo|Gunung Saptorenggo]] kang dhuwure 1.602 meter, saliyane iku uga ana Gunung Rahtawu (1.522 meter), lan Gunung Argojembangan (1.410 meter). Kali kang gedhe yaiku [[Kali Serang]] kang jalure mangulon, mbatesi antarane Kabupaten Kudus karo [[Kabupaten Demak]].
== Perangan administratif ==
Kabupaten Kudus kaperang dadi sanga [[kecamatan]], kang kaperang maneh dadi 123 [[désa]] lan 9 [[kelurahan]]. Pusat pemerintahan ana ing Kecamatan Kota [[Kudus, Kudus|Kudus]]. Kudus iku kalebu wewengkon kang cilik dhewe lan nduweni jumlah kecamatan kang paling sithik ing Jawa Tengah. Kabupaten Kudus iku kaperang dadi telu wewengkon pembantu bupati (Kawedanan), saben kawedanan kaperang dadi telung kecamatan yaiku: (1) Kawedanan Kota (Kec. Kota, Jati dan Undaan). (2) Kawedanan Cendono (Kec. Bae, Gebog dan Kaliwungu). (3) Kawedanan Tenggeles (Kec. Mejobo, Dawe dan Jekulo).
<!--
[[Berkas:Pembagian administratif kabupaten kudus.png|250px|thumb|left|Pembagian administratif Kabupaten Kudus]]
-->
== Wacana Pemekaran Kecamatan ==
Wacana Pemekaran Kecamatan (sing suk mben) sing ana ing wewengkon [[Kabupaten Kudus]], yaiku:
* [[Kecamatan Muria]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Dawe, sing kaperang désa antarane ana désa [[Colo]], [[Kajar]], [[Japan]], [[Cranggang]], [[Tergo]], [[Glagah Kulon]].
* [[Kecamatan Menawan]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Dawe, sing kaperang désa antarane ana désa [[Menawan]], [[Rahtawu]], [[Puyoh]], [[Soco]] lan [[Ternadi]].
* [[Kecamatan Babalan]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Undaan, sing kaperang désa antarane ana désa [[Kalirejo]], [[Medini]], [[Sambung]], [[Lambangan]], [[Glagahwaru]], [[Kutuk]], [[Terangmas]] lan [[Berugenjang]].
* [[Kecamatan Prambatan]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Kaliwungu dan Gebog sing kaperang désa antarane ana désa [[Prambatan Kidul]], [[Prambatan Lor]], [[Bakalan Krapyak]], [[Garung Lor]], [[Garung Kidul]], [[Karangampel]] lan [[Gribig]].
* [[Kecamatan Jepang]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Mejobo dan Jati, sing kaperang désa antarane ana désa [[Jepang]], [[Gulang]], [[Payaman]], [[Jepangpakis]], [[Megawon]] lan [[Loram Wetan]].
* [[Kecamatan Ngembal]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Bae, sing kaperang désa antarane ana désa [[Ngembalrejo]], [[Dersalam]], [[Karangbener]], [[Ngembal Kulon]], [[Tumpang Krasak]] lan [[Honggosoco]].
* [[Kecamatan Bulung]], kang dadi mekarane saka Kecamatan Jekulo, sing kaperang désa antarane ana désa [[Bulung Kulon]], [[Bulung Cangkring]], [[Sadang]], [[Sidomulyo]] lan [[Gondoharum]].
Saliyane ana pamekaran Kecamatan, uga ana wacana pemekaran Kawedanan (Pembantu Bupati), sing awitane ana telung Kawedanan (Cendono, Kudus lan Tenggeles), banjur dimekarke dadi lima wewengkon, yaiku:
* Wewengkon [[Kudus Lor]], sing pusate ing [[Kutha Cendono]].
* Wewengkon [[Kudus Kulon]], sing pusate ing [[Kutha Jetak]].
* Wewengkon [[Kudus Pusat]], sing pusate ing [[Kutha Kudus]].
* Wewengkon [[Kudus Wetan]], sing pusate ing [[Kutha Bareng]].
* Wewengkon [[Kudus Kidul]], sing pusate ing [[Kutha Wates]].
== Industri ==
Perkembangan perékonomian ing kutha Kudus iku duweni pengaruh kang gedhe ing industri bangsa kita [[Indonesia]]. Ing antarane ana perusahaan industri kang gedhe yaiku PT. Djarum, PT. Petra, PR. Sukun, PT. Nojorono. PT.Hartono Istana Electronic (d/h Polytron), PT. Pura, PT. Kudos, lan akeh ewonan perusahaan industri kecil lan menengah kang kasebar ing sakabehe wewengkon Kudus.
== Pariwisata ==
Wisata religi lan budaya:
* [[Masjid Menara Kudus]] kang digawé ing [[abad ke-16]], bangunan iki duweni arsitektur [[Jawa]], [[Hindu]], lan [[Islam]].
[[Gambar:COLLECTIE TROPENMUSEUM Tempel in Kudus TMnr 60025458.jpg|240px]]
* Makam [[Sunan Kudus]] (di kutha Kudus) mangulon saka alun-alun [[simpang tujuh]] yaiku salah sijine [[walisanga]] (penyebar agama [[Islam]] di tanah [[Jawa]])
[[Gambar:COLLECTIE TROPENMUSEUM Sultansgraven in de moskee van Koedoes TMnr 10016645.jpg|240px]]
* Makam [[Sunan Muria]] (ing daerah [[Colo, Dawe, Kudus|Colo]] Kecamatan Dawe). Uga salah sijine walisanga (penyebar agama Islam di tanah Jawa)
Wisata alam:
* Air Terjun [[Monthel]] ana ing Colo kecamatan Dawe.
* [[Puncak Songolikur]] (ing [[Rahtawu, Gebog, Kudus|Rahtawu]] kecamatan Gebog) Puncak sing paling dhuwur dhewe ing Gunung Muria.
* Puncake Gunung Muria liyane asring diwisatani, kayata Puncak Argojembangan, Argowiloso. Kekarone ana ing Kecamatan Dawe.
* Air Tiga Rasa (Rejenu) lan makam Syeh Sadzil. Ana ing [[Japan, Dawe, Kudus|Japan]], Kecamatan Dawe.
* Pesanggrahan Colo ([[Colo, Dawe, Kudus|Colo]]) ing Kecamatan Dawe.
* Bumi Perkemahan Abiyoso ing [[Menawan, Gebog, Kudus|Menawan]] Kecamatan Gebog.
* Bumi Perkemahan Kajar ([[Kajar, Dawe, Kudus|Kajar]] Kecamatan Dawe)
Saliyane uga ana:
* [[Museum Kretek]] kang dadi bukti sejarahe kutha Kudus kang dadi kutha gawé [[rokok kretek]] kang paling gedhe ing [[Indonesia]] ing antarane ana (PT Djarum, PT Nojorono, PR Sukun, PR Jambu Bol, PR Pamor, PR Djanur Kuning).
* Kinder Garten
* Replika Menara
* Bangunan khas Kudus dikenal dengan nama ''Gebyog Kudus''.
== Panganan lan jajanan khas Kudus ==
[[Gambar:Soto Kudus.jpg|right|200px]]
* [[Jenang]] Kudus: wong-wong asring ngertine "dodol" nanging duweni tekstur lan rasa kang beda karo dodol sing ana. Akeh banget pabrike PJ. (Pabrik Jenang) kayata: PJ. Mubarok, PJ. Menara, PJ. Rizqia, lsp.
* [[Soto Kudus]]: soto ing Kudus misuwur ana rong werna yaiku, soto ayam dan soto kebo. Beda ing antarane soto-soto liyane, soto Kudus nduweni cita rasa kang manis lan sathithik luwih encer, lan daginge saka daging Kebo ora daging Sapi amarga wong Kudus nduweni kapercayan ora entuk nyembeleh Sapi. Amanate Njeng [[Sunan Kudus]]
* [[Lentog]]: yaiku panganan khas kang gayeng ing wayah esuk. Bahan-bahane antarane tahu semur, endhog, lontong lan jangan lodeh (woh nangka enom).
Kala emben, sing dodolane ana ing Desa Tanjungkarang (Tanjung), ananging saiki wis sumebar ing sakabehane pelosok kutha Kudus. Sing unik utawa khase saka lentog yaiku ukuran lontonge kang gedhene sapupu / betise wong dewasa.
* [[Sate Kebo]]: sate kang digawé saka daging kebo, sing disajike ora kaya biyasane, ananging saka daging sing dikethok-kethok lan dicincang alus, banjur didokok ing batang sate nganggo bumbu kecap, klapa (srundeng) lan kacang, rasane meh mirip padha karo dendeng.
* [[Ayam Bakar Colo]]: ayam bakar kampung kang duweni rasa khas sing mung ana ing Colo disajike biasane karo pecel kembang turi lan godhong pakis gunung.
* [[Ayam Goreng Kepruk]] : Ayam goreng kang duweni bumbu khas kudus, kang duwe sajian unik, kanthi rasa kang khas lan gurih. Ayam goreng racikan ’’’Dapur Gentong’’’ iki uga bisa dimadhang ing restaurant Gentong, Kampung Air Resto Megawon lan Roemans Resto Jl. Mangga.
* [[Ayam goreng Kliwon Kasmini]] : Panganan ing wayah wengi iki, wong-wong Kudus kang digawé saka tahu semur lan ayam goreng kanthi bumbu kang khas, iku kalebu lengganane pejabat-pejabat lan wong-wong kang misuwur, sarta polisi-polisi gedhe ing kutha Kudus
* [[Tahu Telur]]: Meh padha kaya tahu telur saka [[Magelang]] utawa tahu gimbal [[Semarang]]. Ing wayah wengi kang biasane kagelar ing sadawane jalan Sunan Kudus. Kang utama sangarepe Rumah Tahanan Nagara (Rutan) Kudus. Bisa uga diarani Tahundog.
* [[Opor Bakar]]: Opor ayam sing sabanjure dibakar, banjur disajike kanthi tambahan sawetara lawuh. Panganan iki uga ana ing wauah esuk.
* [[Lontong tahu]]: Panganan kang meh padha karo tahu telur. Bedane, ora ditambahi ndhog kaya tahu gimbal saka Semarang. Tahu putih khas Kudus, digoreng setengah mateng utawa mateng bajur dikethok-kethok dadu, banjur ditambahi sega utawa lontong sasenenge dhewe. Dipupuki cambah godhogan lan seledri rajang sing menehi aroma kang seger. Yen ta ana sing seneng nganggo 'cungor' utawa bibir sapi sing dibacem, ngomonga wae marang bakule. Ing pungkasane diwenehi bumbu kecap sing nduweni aroma bawang putih kang sedep banjur disiramke.
== Cathetan Suku ==
* [http://www.kuduskab.go.id/ Situs Resmi Kabupaten Kudus]
{{Kabupaten Kudus}}
{{jateng}}
[[Kategori:Kabupaten di Jawa Tengah|Kudus]]
[[Kategori:Kabupaten di Indonesia|Kudus]]
[[Kategori:Kabupaten Kudus| ]]All content in the above text box is licensed under the Creative Commons Attribution-ShareAlike license Version 4 and was originally sourced from https://jv.wikipedia.org/w/index.php?oldid=963951.
![]() ![]() This site is not affiliated with or endorsed in any way by the Wikimedia Foundation or any of its affiliates. In fact, we fucking despise them.
|