Difference between revisions 862434 and 953320 on jvwiki

{{gabungmenyang|Bengawan Sala}}
== Bengawan == 
[[Gambar:Bengawan Solo topography map.png|300px|right|kali Bengawan Solo]]
Solo, mujudake kali paling dawa ing Pulo jawa kang nduweni crita werna-werna. Bengawan kang sumbere saka pengunungan seribu kuwi, tumeka saiki isih banjir, senajan wis digaweé sudhetan. Menawa banjir, pancen nggegirisi. Dene yen ketiga banyune mung sethithik, mili angler, nanging miline banyu kang angler mau, kecampuran karo limbah pabrik saka wilayah kabupaten Karanganyar, kang nyebabke ambune kaya bathang, sengak lan liya-liyane. Menawa ngepasi banjir, atussan omah kerep keleban, kayata: Sragen, Ngawi, Bojonegoro, Tuban, Lamongan, lan sakiwa-tengene. Banjir iku amarga saka polahane manungsa dhewe, jalaran alas lan lingkungan ing sakilining Bengawan Solo iku wis padha rusak, di(contracted; show full)
Saka kahanan iku ndadikake khase Bengawan Solo yaiku sanajan rendheng lan ketiga bayune ora beda adoh gedhene, amarga saka ekologi alam kang imbang, lingkungan lan alse isih apik. Miturut keterangane pinisepuh, saka Gresik menyang Solo wis bisa mung numpak [[prau]], semana uga sawalike. Menawa numpak kendharakan lemah, paling pol nganggo [[grobag]] lan [[andhong]
]. Ora aneh menawa ana pelabuhan (bandara) ing kutha Sala, kang aran Beton, lan Nusupan. 
Ilining Bengawan Solo, wektu iku isih menggak-menggok metu kutha Solo, kang ndhuweni anak kali kang aran Kali Pelem Wulung, Pepe, Rahman, Jenes, Tanggul, Buntung, Wingko, lan kali-kali liyane. Para raja kayata: (1) Kanjeng Pakubuwono IV kerep nglakoni tapa kungkum ing Begawan Solo, kanthi ngedegake Pesranggahan Langenharjo, ing tlatah Sukoharjo. (2) Susuhan Pakubuwono X kerep nitih prau Kyai Rajamala, saperlu pesiar ing sailining Bengawan Solo, kang diiringi para prajurit, lan dadi tontonan kang endah.

== Reged == 
[[Gambar:COLLECTIE TROPENMUSEUM De rivier de Solo TMnr 3728-417.jpg|200px|right|Lukisan ana COLLECTIE TROPENMUSEUM De rivier de Solo  ]]
Saiki kahanane beda banget yen ta dibandingake karo Bengawan Solo ing jaman mbiyen. Saka panilitiane WHO, FAO, lan Pecinta Alam (PMPA) Kompos UNS Solo nudhuhake yen ta banyune wis akeh kacampuran logam kayata: Cuprum (Cu), Cadmium (Cd), Cromiun (Cr), Plubium (Pb), lan air raksa (Hg). Saka campuran kuwi ndadekake pengaruh marang uripe pari, kang uga bisa nyebabake gangguan kesarasan menawa mangan saga saka pari kang wis dioncori saka Begawan mau. “Saliyane iki banyune uga nggatelake sikil lan awak sarta tangan, tur ambune ya sengak.” Ujare jaka S petani saka Dukuh Ngagel, Desa Tenggak, Kabupaten Sidoharjo, Kabupaten Sragen.
Kepala Dinas pertanian lan ketahanan pangan Sragen kang aran Ir. H. Soewarno menehi saran kang apik yaiku “Luwih becik gaweé sumur kompa (pantek) tinimbang nyedot banyu saka Bengawan kang kena pencemaran.” (’’’Linggar Tungga Gupita’’’)*

==Cathethan Suku==
Kapundhut saking: Panjebar Semangat, No. 17 tanggal 24 April 2004 kaca: 27,28 lan 39

== Kapurih Ugi Mirsani ==
{{jv}} [http://jv.wikipedia.org/wiki/Bengawan Solo Wikipedia Basa Jawa]
{{id}}[http://id.wikipedia.org/wiki/Bengawan_Solo Wikipedia Indonesia]

== Pranala Jaba ==
{{en}}[http://en.wikipedia.org/wiki/Bengawan_Solo_River Bengawan Solo]

[[Kategori:Kali]]
[[Kategori:Kali ing Jawa Tengah]]
[[Kategori:Geografi]]

[[en:Solo River (Java)]]