Difference between revisions 953320 and 956169 on jvwiki

{{gabungmenyang|Bengawan Sala}}
== Bengawan == 
[[Gambar:Bengawan Solo topography map.png|300px|right|kali Bengawan Solo]]
Solo, mujudake kali paling dawa ing Pulo jawa kang nduweni carita werna-werna. Bengawan kang sumbere saka pengunungan seribu ikuwi, tumeka saiki isih banjir, senajan wis digawé sudhetan. Menawa banjir, pancen nggegirisi. Dene yen ketiga banyune mung sethithik, mili angler, nanging miline banyu kang angler mau, kecampuran karo limbah pabrik saka wilayah kabupaten Karanganyar, kang nyebabke ambune kaya bathang, sengak lan liya-liyane. Menawa ngepasi banjir, atussan omah kerep keleban, kayata: Sragen, Ngawi, Bojonegoro, Tuban, Lamongan, lan sakiwa-tengene. Banjir iku amarga saka polahane manungsa dhewe, jalaran alas lan lingkungan ing sakilining Bengawan Solo iku wis padha rusak, ditebangi (dutegor). Sanajan kerep banjir, warga masyarakat kang mapan ana sakiwa-tengene ora nate kuwatir, sebab banjir iku mau wis dadi lengganan ing saben taune.

== MITOS == 
[[Gambar:Bojonegoro bengawan solo.jpg|200px|right|Bengawa Solo ing Bojonegoro]]
Banjir ing Bengawan Solo iku kerep disambungake karo caritane Nyi Rara Kidul, kang mujudake ratu ayu kaya widodari. Ratu Kidul duwe pirang-pirang wadya bala, kang saperangan akeh memba dadi wujud ula lan naga. Pandegane yaiku patihe kang aran Nyi Blorong. Watake beda antarane ratu lan patihe kaya bumi karo langit, yaiku Nyi Rara Kidul (ratu) kang watake apik, seneng tetulung, lan paring pepadhang kayata: Sultan Agung (ratu ing Mataram) sultan ana kasultanan (Ngayogjakarta) lan kasunanan (Surakarta Hadiningrat), uga ngraketake seduluran karo panguwasa ing Gunung merapi kang arane mbah Petruk, lan panguwasa ing Gunung lawu kang aran mbah Suwirya (Eyang lawu). 
Nyi Blorong kang kerep didadekake utusan menyang seduluran mau. Ananging eleke dheweke kerep menggok ana dalan, ngganggu menungsa lan liya-liyane. Menawa lagi usum udan deres, kali kang mili banyu kerep didadekake dalan tumuju panggonan kang dituju Nyi Blorong mau. Wong kang nduweni mata batin mesthi ngerteni menawa ana kali banjir ing kono akeh ula silumanekang bisa katon biyasane pethit (bunthut) utawa endhase. Bebarengan karo ikuwi, ana damar (saka botol kang diwenehi uceng-uceng), kang mujudake lampu kanggo mlaku ing wayah wengi. Sinare katon kelip-kelip ing wayah surup tumeka bengi kang ngepasi kali lagi bajir.
== Miline mandhuwur == 
(contracted; show full)

== Reged == 
[[Gambar:COLLECTIE TROPENMUSEUM De rivier de Solo TMnr 3728-417.jpg|200px|right|Lukisan ana COLLECTIE TROPENMUSEUM De rivier de Solo]]
Saiki kahanane beda banget yen ta dibandingake karo Bengawan Solo ing jaman mbiyen. Saka panilitiane WHO, FAO, lan Pecinta Alam (PMPA) Kompos UNS Solo nudhuhake yen ta banyune wis akeh kacampuran logam kayata: Cuprum (Cu), Cadmium (Cd), Cromiun (Cr), Plubium (Pb), lan air raksa (Hg). Saka campuran 
ikuwi ndadekake pengaruh marang uripe pari, kang uga bisa nyebabake gangguan kesarasan menawa mangan saga saka pari kang wis dioncori saka Begawan mau. “Saliyane iki banyune uga nggatelake sikil lan awak sarta tangan, tur ambune ya sengak.” Ujare jaka S petani saka Dukuh Ngagel, Desa Tenggak, Kabupaten Sidoharjo, Kabupaten Sragen.
Kepala Dinas pertanian lan ketahanan pangan Sragen kang aran Ir. H. Soewarno menehi saran kang apik yaiku “Luwih becik gawé sumur kompa (pantek) tinimbang nyedot banyu saka Bengawan kang kena pencemaran.” (’’’Linggar Tungga Gupita’’’)*

==Cathethan Suku==
Kapundhut saking: Panjebar Semangat, No. 17 tanggal 24 April 2004 kaca: 27,28 lan 39

== Kapurih Ugi Mirsani ==
{{jv}} [http://jv.wikipedia.org/wiki/Bengawan Solo Wikipedia Basa Jawa]
{{id}}[http://id.wikipedia.org/wiki/Bengawan_Solo Wikipedia Indonesia]

== Pranala Jaba ==
{{en}}[http://en.wikipedia.org/wiki/Bengawan_Solo_River Bengawan Solo]

[[Kategori:Kali]]
[[Kategori:Kali ing Jawa Tengah]]
[[Kategori:Geografi]]

[[en:Solo River (Java)]]