Difference between revisions 953302 and 961249 on jvwiki'''Dhialèk Pekalongan''' iku kalebu dhialèk [[basa Jawa]] sing dipituturake ing pesisir lor tanah jawa, tlatah [[Jawa Tengah]] utamane ing Kotamadya/ [[Kabupatèn Pekalongan]]. Senadyan ana ing Jawa Tengah dialek Pekalongan beda karo daerah pesisir Jawa liyane, umpamane [[Kabupatèn Tegal|Tegal]], Welèri/[[Kabupatèn Kendhal|Kendhal]], [[Kabupatèn Semarang|Semarang]]. Jaman saiki akeh para piyayi Pekalongan kang duwé pakaryan dadi Juragan [[batik]], tenun lan tèkstil lan tansah mi(contracted; show full) Perang Mataram lan Walanda kang gawé bangkrute Penjajah Walanda , lan meh wae Jaka Bahu menang anggone banda Yudha ,anaging kepara wadyabala Mataram kalah kasebab Walanda kabantu soko Inggris Ana ing tlatah Jakarta saiki , ana tlatah kang dijenengi "Matraman" , dadi pratanda menawa prajurti Mataram , Bahurakso sak andahane nate cumondok ana tlatah Matraman mau ( Matraman ikuwi soko tembung Mataram-an, kang duwe teges , cumondhoke prajurit saka praja Mataram ).. Jaka Bahu kang nampa kalah tanding yudha , banjur bali liwat segara pesisir lor tanah jawa . Ana ing sawijining papan alas Gambiran ( merga ana kana akeh wit Gambir ).. panggonane ana sisih wetan-e Cirebon , Jaka Bahu mandeg ana kana , lan sabanjure ana ing papan ikuwi dewekne mandeg tapa nGalong ( kaya Kalong , sirah nang ngisor lan sukune nang nduwur , ana in alas Gambiran mau ) . Anane kadadeyan mau , ing tembe tlatah kang kalebu ana praja mataram kanthi jeneng "Pengangsalan" ikuwi ,( bab mau kasebut ana ing Babad tanah jawi ) ing tembe dijenengi "Pekalongan" .. Ana ing Abad 15-17 Masehi , Pekalongan kang kalebu tlatah lan kuasane praja Mataram lan migunakake Basa Jawa Mataraman , dadi awal mulane basa Pekalongan ora rubeda karo basa Jawi kang dipiguanaake ing tlatah praja Kasultanan Mataram . Ananging ana ing sakterusing jaman , basa dhialek [basa Jawa] utamane dialek Pekalongan wiwit katon ana bedhane kasebab ana gegayutane karo budaya lan sesambungan marang liyan . Basa/Dialek Pekalongan baku jaman semana mau wis ora dianggo maneh ana ing dialek Pekalongan jaman saiki. ==Ciri-ciri== Ujud dialek Pekalongan kalebu basa "antara" kang dipigunakake antara tlatah Tegal (sisih kulon) ,Weleri (sisih wetan) lan daerah Pagunungan Kendheng ( sisih kidul). kalebu basa sing prasaja nanging "komunikatif" lan bisa gampang disianoni lan dipigunaake. Dialek mau pencèné dadi lan ciri "khas" - é wong pekalongan , rikala ana ing manca umpamane , lan ana patemon , mula bakal bisa dimangerteni manawa piyantun ikuwi asal muasale saka pekalongan merga saka dialek lan anggone wicara. Kanggoné para priyayi Jogya/Solo kang dialek-é dadi pangandikan baku ing tanah jawa , dialek Pekalongan kalebu kasar lan angel dimangerteni. Kanggone piyayi Tegal kalebu dialek kang padha derajate nanging angel dimangerteni bebasan sinigar padha rupane jiniwit bedha rasane.lamun wayang iku wujude Kresna lan Harjuna.Ana kang pada lan bisa dimangerteni uga ana kangora dimangerteni. Dialek Tegal akeh nganggo istilah : Bae, nyong, manjing, koyo kuwe,.. kanthi diucapake medhok tegese pangucape kanthi kandhel neng lambe lan tenggorokan . semana ugo dialek Pekalongan padha nanging diucapake ora kanthi "datar" ing pangucap . Umpamaing dialek Pekalongan kosakata mau dipigunaake neng Tegal lan padha tegese ,Conto Bae , nyong ,Iyya , Sing Beda ; Kepriye dadi Kepriben ( Kepiye ), mlebu dadi manjing, Kowe dadi Rika , lan sapunggalane. Dialek Pekalongan kang baku lan mung ana ing Pekalungan yoikuwi pangucap2 kang nganggo akhiran :"Si" ,"Ra","Po'o","Ha'ah pok", "lha", "Ye" "be""ke". kang dadi paneges kosakata. Contone :"mBok aja kaya kuwe Sii" Tegese " mbok aja nganaono" "Iki bae Raa" tegese " iki wae yo " "Lha Ke Raa .." tegese "Lho kok nganaono" " Ha'ah pok Yee" , tegese "iya apa ?" " Lha nyong be gelem " , Aku uga gelem wae. anane "kosakata" liyane kang di enggo sub ukara : "Kokuwe" tegese "Koyokuwe", "Tak nDangka'i" tegese "tak kiro". "Jebhul no'o" tegese "jebhul". "lha mbuh" tegese " yo embuh", "Ora dermoho" tegese "ora sengaja". "Wegah ah" tegese "moh". "Nghang priye" tegese "kepiye", "Di Bya bae ra" tegese " diadepi wae", lan sish akeh liyane .. "Lha kowe pak ring ndi si ??.." ( kowe arep menyang endi ??). "Yo wis kokuwe Po'o ra". ( Yo wis nganaono yo ora opo-opo). "tak ndangka'i lanang jebulno'o wadhok" ( tak kiro lanang jebhul wedhok). " Turnok-o ke ora gelem kok dipeksa" ( sak jane ra gelem ning di peksa ) "Rahat-e pok yee " wah nikmat banget.. "Kowe ngranapi apa ora ?" ,tegese "kowe melu ngarakke apa ora ?" Kanggone wong kang ana ing pinggiran ana dialek kang kalebu kasar.. ananging kanggone tlatah mau wis dadi bab kang biasa lan ora njengkelake lan dilebokke neng ati : (contracted; show full) Umpamane : piyayi saka Parakan temanggung kang teka nganggo dialek basa Parakan " Arep nyang ndi Wi ( Wiadi )? nganggo nada-ne duwur !! sakwise nyawiji puluhan tahun lan duwe kenyo nikah lan duwe anak karo kenyo pekalongan asli , dialek -e dadi Beda " Lha Pak ring ndi Wik ? " Kowe arep nyang endi Wiyadi ??.. [[Kategori:Dhialèk basa Jawa|Pekalongan]] All content in the above text box is licensed under the Creative Commons Attribution-ShareAlike license Version 4 and was originally sourced from https://jv.wikipedia.org/w/index.php?diff=prev&oldid=961249.
![]() ![]() This site is not affiliated with or endorsed in any way by the Wikimedia Foundation or any of its affiliates. In fact, we fucking despise them.
|