Difference between revisions 952438 and 953302 on jvwiki

'''Dhialèk Pekalongan''' iku kalebu dhialèk [[basa Jawa]] sing dipituturake ing pesisir lor tanah jawa, tlatah [[Jawa Tengah]] utamane ing Kotamadya/ [[Kabupatèn Pekalongan]]. Senadyan ana ing Jawa Tengah dialek Pekalongan beda karo daerah pesisir Jawa liyane, umpamane [[Kabupatèn Tegal|Tegal]], Welèri/[[Kabupatèn Kendhal|Kendhal]], [[Kabupatèn Semarang|Semarang]]. Jaman saiki akeh para piyayi Pekalongan kang duwé pakaryan dadi Juragan [[batik]], tenun lan tèkstil lan tansah mi(contracted; show full)
Amerga Kyai Cempaluk kalebu Ulama saka Kraton Mataram kang pinercaya  , Jaka Bahu mula entuk dhawuh dadi tamtamaning praja Mataram lan sabanjure didhawuh Ingakang sinuwun Sri Sultan Agung Hanyakrakusuma , supaya nglurug perang lan tanding yudha nglawan Kumpeni Walanda ing Batavia ( Jakarta ) . Kacathet ana sejarah bab. Mataram nglurug perang klawan Walanda ana Batavia ( kang kaping pindho ).
Perang Mataram lan Walanda kang gaw
eé bangkrute Penjajah Walanda , lan meh wae Jaka Bahu menang anggone banda Yudha ,anaging kepara wadyabala Mataram kalah kasebab Walanda kabantu soko Inggris 
 Ana ing tlatah Jakarta saiki , ana tlatah kang dijenengi  "Matraman" , dadi pratanda menawa prajurti Mataram , Bahurakso sak andahane nate cumondok ana tlatah Matraman mau ( Matraman kuwi soko tembung Mataram-an, kang duwe teges , cumondhoke prajurit saka praja Mataram  )..
(contracted; show full)"Landrat " saka asline landraat , kantor pengadilan.
"Gili sepur " saka spoor , dalan kereta api.
"Flik mashin" saka asline flight machine , montor mabur 
"gedung sositet" asale saka sochietet , gedung pertemuan.
" broklat" saka Broad clouth .. sawijinging kain.
"Kempetai" sale saka Kenpetai ( gedung pengadilan jepang).

Anane dialek mau kang bisa ndadekake gaw
eé sawijining wong2 Pekalongan antaraning wong sing asli saka tlatah pekalongan uga karo wong kang teka saka manca.
umpamane, senadyan wong2 arab utawacia duwe basa dewe lan kanggone kumpulane dewe, dewekne bisa sawiji nalika ngendika nganggo dialek mau .. kabeh nyawiji dadi siji lan ora ana beda lan kang ndadekake rubeda.

Mula tlatah Pekalongan katon tentrem lan sangsaya tentrem .
aja kaget umpama ana piyantun arab gojeg karo piyantun cina.
uga karo wong pekalongan asli nganggo dialek pekalongan.
Akeh piyantun2 teka saka manca utawa jawi tengah umpamane kang maune basane alus lan priyayi, sakwise bebarengan ana ing pekalongan malah luwih mathuk nganggo dialek pekalongan ini.
Umpamane : piyayi saka Parakan temanggung kang teka nganggo dialek basa Parakan " Arep nyang ndi Wi ( Wiadi )? nganggo nada-ne duwur !!
sakwise nyawiji puluhan tahun lan duwe kenyo nikah lan duwe anak karo kenyo pekalongan asli , dialek -e dadi Beda 
" Lha Pak ring ndi Wik ? " Kowe arep nyang endi Wiyadi ??..

[[Kategori:Dhialèk basa Jawa|Pekalongan]]