Difference between revisions 961249 and 986655 on jvwiki

'''Dhialèk Pekalongan''' iku kalebu dhialèk [[basa Jawa]] sing dipituturake ing pesisir lor tanah jawa, tlatah [[Jawa Tengah]] utamane ing Kotamadya/ [[Kabupatèn Pekalongan]]. Senadyan ana ing Jawa Tengah dialek Pekalongan beda karo daerah pesisir Jawa liyane, umpamane [[Kabupatèn Tegal|Tegal]], Welèri/[[Kabupatèn Kendhal|Kendhal]], [[Kabupatèn Semarang|Semarang]]. Jaman saiki akeh para piyayi Pekalongan kang duwé pakaryan dadi Juragan [[batik]], tenun lan tèkstil lan tansah migunakaké dialek kang biso dimangerteni dening piyayi pekalongan dewe. Anane para juragan , pedagang uga para nelayan ana tlatah kutha lan pinggiran mujudake basa/dialek iki mau. Sesambungan karo bangsane liyan umpamane [[Arab]], [[Cina]], [[India]] lan anane para penjajah saka manca nagari kang cumondok ana in Pekalongan uga nambahi mane warnane Dialek mau

==Sajarah==
Anane di jenengi Pekalongan sejatine , merga polahe sawijining nom2an kang Gagah Pidekso sekti , kang duwe jeneng Joko Bahu ( utawa Bahu Rekso ), dewekne putrane Kyai Cempaluk ( Sempalo ) saka daerah Kesesi , sawijining tlatah Kidul- sisih Kulon Pekalongan.  Saiki dadi Kecamatan Kesesi wilayahewengkon Kabupaten Pekalongan. 
Amerga Kyai Cempaluk kalebu Ulama saka Kraton Mataram kang pinercaya  , Jaka Bahu mula entuk dhawuh dadi tamtamaning praja Mataram lan sabanjure didhawuh Ingakang sinuwun Sri Sultan Agung Hanyakrakusuma , supaya nglurug perang lan tanding yudha nglawan Kumpeni Walanda ing Batavia ( Jakarta ) . Kacathet ana sejarah bab. Mataram nglurug perang klawan Walanda ana Batavia ( kang kaping pindho ).
Perang Mataram lan Walanda kang gawé bangkrute Penjajah Walanda , lan meh wae Jaka Bahu menang anggone banda Yudha ,anaging kepara wadyabala Mataram kalah kasebab Walanda kabantu soko Inggris 
 Ana ing tlatah Jakarta saiki , ana tlatah kang dijenengi  "Matraman" , dadi pratanda menawa prajurti Mataram , Bahurakso sak andahane nate cumondok ana tlatah Matraman mau ( Matraman iku soko tembung Mataram-an, kang duwe teges , cumondhoke prajurit saka praja Mataram  )..
Jaka Bahu kang nampa kalah tanding yudha , banjur bali liwat segara pesisir lor tanah jawa . Ana ing sawijining papan alas Gambiran ( merga ana kana akeh wit Gambir ).. panggonane ana sisih wetan-e Cirebon , Jaka Bahu mandeg ana kana , lan sabanjure ana ing papan iku dewekne mandeg tapa nGalong ( kaya Kalong , sirah nang ngisor lan sukune nang nduwur , ana in alas Gambiran mau ) .
Anane kadadeyan mau , ing tembe tlatah kang kalebu ana praja mataram kanthi jeneng "Pengangsalan" iku ,( bab mau kasebut ana ing Babad tanah jawi ) ing tembe dijenengi "Pekalongan" ..

Ana ing Abad 15-17 Masehi , Pekalongan kang kalebu tlatah lan kuasane  praja Mataram lan migunakake Basa Jawa Mataraman , dadi awal mulane basa Pekalongan ora rubeda karo basa Jawi kang dipiguanaake ing tlatah praja Kasultanan Mataram . Ananging ana ing sakterusing jaman , basa dhialek [basa Jawa] utamane dialek Pekalongan wiwit katon ana bedhane kasebab ana gegayutane karo budaya lan sesambungan marang liyan . Basa/Dialek Pekalongan baku jaman semana mau wis ora dianggo maneh ana ing dialek Pekalongan jaman saiki.

==Ciri-ciri==
Ujud dialek Pekalongan kalebu basa "antara" kang dipigunakake antara tlatah Tegal (sisih kulon) ,Weleri (sisih wetan) lan daerah Pagunungan Kendheng ( sisih kidul). kalebu basa sing prasaja nanging "komunikatif" lan bisa gampang disianoni lan dipigunaake.

Dialek mau pencèné dadi lan ciri "khas" - é wong pekalongan , rikala ana ing manca umpamane , lan ana patemon , mula bakal bisa dimangerteni manawa piyantun iku asal muasale saka pekalongan merga saka dialek lan anggone wicara.

Kanggoné para priyayi Jogya/Solo kang dialek-é dadi pangandikan baku ing tanah jawa , dialek Pekalongan kalebu kasar lan angel dimangerteni. Kanggone piyayi Tegal kalebu dialek kang padha derajate nanging angel dimangerteni bebasan sinigar padha rupane jiniwit bedha rasane.lamun wayang iku wujude Kresna lan Harjuna.Ana kang pada lan bisa dimangerteni uga ana kangora dimangerteni.

Dialek Tegal akeh nganggo istilah : Bae, nyong, manjing, koyo kuwe,.. kanthi diucapake medhok tegese pangucape kanthi kandhel neng lambe lan tenggorokan . semana ugo dialek Pekalongan padha nanging diucapake ora kanthi "datar" ing pangucap .

Umpamaing dialek Pekalongan kosakata mau dipigunaake neng Tegal lan padha tegese ,Conto Bae , nyong ,Iyya , 
Sing Beda ; Kepriye dadi Kepriben ( Kepiye ), mlebu dadi manjing,
Kowe dadi Rika , lan sapunggalane.

Dialek Pekalongan kang baku lan mung ana ing Pekalungan yoiku  pangucap2 kang nganggo akhiran :"Si" ,"Ra","Po'o","Ha'ah pok", "lha", "Ye" "be""ke". kang dadi paneges kosakata.

Contone :"mBok aja kaya kuwe Sii" Tegese " mbok aja ngono"
         "Iki bae Raa" tegese " iki wae yo "
         "Lha Ke Raa .." tegese "Lho kok ngono"
         " Ha'ah pok Yee" , tegese "iya apa ?"
         " Lha nyong be gelem " , Aku uga gelem wae.

anane "kosakata" liyane kang di enggo sub ukara :

"Kokuwe" tegese "Koyokuwe", 
"Tak nDangka'i" tegese "tak kiro". 
"Jebhul no'o" tegese "jebhul". 
"lha mbuh" tegese " yo embuh", 
"Ora dermoho" tegese "ora sengaja". 
"Wegah ah" tegese "moh". 
"Nghang priye" tegese "kepiye", 
"Di Bya bae ra" tegese " diadepi wae", 
lan sish akeh liyane ..
"Lha kowe pak ring ndi si ??.." ( kowe arep menyang endi ??). 
"Yo wis kokuwe Po'o ra". ( Yo wis ngono yo ora opo-opo). 
"tak ndangka'i lanang jebulno'o wadhok" ( tak kiro lanang jebhul wedhok). 
" Turnok-o ke ora gelem kok dipeksa" ( sak jane ra gelem ning di peksa )
"Rahat-e pok yee " wah nikmat banget..
"Kowe ngranapi apa ora ?" ,tegese "kowe melu ngarakke apa ora ?"
 
Kanggone wong kang ana ing pinggiran ana dialek kang kalebu kasar.. ananging kanggone tlatah mau wis dadi bab kang biasa lan ora njengkelake lan dilebokke neng ati :

" Raimu ora tahu katok .nang ndi bae ?  !!"
 ( Rai-mu tegese rupa/ dapur mu ..tegese "neng ndi wae kok ora ketok" 
" Karang Raimu !!" nendakake olehe nesu > Dasar ( dapur) mu !"
"Strombakane .. logok !! - tegese nesu tenan,tegese kasar banget
lan artine ora ana , nandaake piyantun kang wis muntap ing penggalih kang paling duwur.
"Karang Cemet!! " .. " Dasar kowe Celeng mencret!"..

Cedak budayane wong Pekalongan karo budaya Arab lan Cina nambahi kosakata lan dialek ing Pekalongan, umpamane :

soko konco2 Arab
Wallahi temenan Po'o nyong ra ngapusi yee,yakin .. ( Demi Allah aku ora ngapusi,yakin tenan ) 
Ya Allah ..ke ra mosok ra percoyo si ( Ya Allah , kok nggak percaya amat sih ) -- arab.

Soko konco2 Pecinan
lhe guwe Bah cilik Congkle ( dewekne anak-e Cong Lee ).--Cina. 
Biasa-ne para keturunan cina biasane uga dicampu nganggo basa Indonesia, umpamane :

Lha tadi sudah tak "bilangke" tapi "ndak ngerti" yo wis ...( Mau wis tak kandhakke marang dewekne nanging ora ngerti yo wis ..) 
mBok "diambilke" ( tulong jupokna) 
Lha hargane belon dapet raa Bu ,dari sanane segitu 
(Regane durung nyandhak Bu , saka kana semana ).

Sekitar Pekalongan
Ing nduwur Iku kabeh dialek ana ing njero kutha Pekalongan. Rada minggir soko tlatah kutha, ana beda-ne sithik ..anggone pangucap. Akeh huruf vokal/konsonan kang diucapake kanthi medhok..kanthi tambahan. "huruf h ing pangucap". umpama : tembung

Ana meneh dialek kang nyedhaki tegal ;

"banyu" diucapake "benhyu". 
"Iwan" diucapake "i-whan". 
"bali"/mulih diucapke "bhelhi". 
"Brahim" /Ibrahim diucapake "Brehiim" ( Mas Ibrahim ).
"Mardniyah" saka Mardiyah.

" Wis ho , nyong pak bhelhi ndikik" ( Wis yoo, aku arep mulih disik ).

Ujud dialek ing mduwur mau dipigunaake ana ing tlatah Batang ( ing sisih wetan),Pemalang/Wiradesa(ing Sisih Kulon),Bandar/Kajen (ing sisih kidul) .. sisih Lor ora nganggo sebab-e...nJegur segoro ..

Ana meneh dialek kang di lambari saka jaman penjajah jaman disik.

Saka walanda ( Belanda ),inggris ,portugie lan jepang ..
"Bruk !" saka asline "brooke" , jembatan ..
"Landrat " saka asline landraat , kantor pengadilan.
"Gili sepur " saka spoor , dalan kereta api.
"Flik mashin" saka asline flight machine , montor mabur 
"gedung sositet" asale saka sochietet , gedung pertemuan.
" broklat" saka Broad clouth .. sawijinging kain.
"Kempetai" sale saka Kenpetai ( gedung pengadilan jepang).

Anane dialek mau kang bisa ndadekake gawé sawijining wong2 Pekalongan antaraning wong sing asli saka tlatah pekalongan uga karo wong kang teka saka manca.
umpamane, senadyan wong2 arab utawacia duwe basa dewe lan kanggone kumpulane dewe, dewekne bisa sawiji nalika ngendika nganggo dialek mau .. kabeh nyawiji dadi siji lan ora ana beda lan kang ndadekake rubeda.

Mula tlatah Pekalongan katon tentrem lan sangsaya tentrem .
aja kaget umpama ana piyantun arab gojeg karo piyantun cina.
uga karo wong pekalongan asli nganggo dialek pekalongan.
Akeh piyantun2 teka saka manca utawa jawi tengah umpamane kang maune basane alus lan priyayi, sakwise bebarengan ana ing pekalongan malah luwih mathuk nganggo dialek pekalongan ini.
Umpamane : piyayi saka Parakan temanggung kang teka nganggo dialek basa Parakan " Arep nyang ndi Wi ( Wiadi )? nganggo nada-ne duwur !!
sakwise nyawiji puluhan tahun lan duwe kenyo nikah lan duwe anak karo kenyo pekalongan asli , dialek -e dadi Beda 
" Lha Pak ring ndi Wik ? " Kowe arep nyang endi Wiyadi ??..

[[Kategori:Dhialèk basa Jawa|Pekalongan]]