Difference between revisions 982902 and 989799 on jvwiki

{{gabung|Panté Sanur}}
[[Gambar:Sanur 200507-5.jpg|right|thumb|200px| Pantai Sanur]]
'''Pantai Sanur''' ya iku kalebu panggonan [[pariwisata]] kang misuwur ing pulo [[Bali]].<ref name="internet1">{{id}}[http://www.baliwebby.com/pantai-di-bali/pantai-sanur.php Pantai Sanur ] (Dipuntingali tanggal 11 Juli 2011)</ref> Pantai Sanur dumunung ing sisih wetan kutha [[Denpasar]], [[Bali]]. Sanur ana ing [[Kotamadya Denpasar]].<ref name="internet1"/>

Pantai Sanur kalebu pantai kang apik kanggo plahraga selancar (''surfing'').<ref name="internet1"/> Apa maneh ombak pantai Sanur wis kawentar ing satengahing para wisatawan mancanagara. Ora adoh saka Pantai Sanur uga ana wisata kanggo nyilem lan ''[[snorkeling]]''.<ref name="internet1"/> Amarga iku, panggonan kanggo nyilem iki bisa dikanggokake deéning para penyilem saka ngendi wae.<ref name="internet1"/>

Pantai Sanur uga dikenal ''Sunrise beach'' (pantai matahari terbit) kanggo lawan saka [[Pantai Kuta]].<ref name="internet1"/>

Amarga panggonane pantai sanur kang an ing sebelah wetane pulo Bali, saengga pantai Bali iki dadi panggonan wisata kang pas banget kanggo wong-wong kang pengin dheleng [[sunrise]] utawa ''matahari terbit''.<ref name="internet2">{{id}}[http://www.iloveblue.com/bali_gaul_funky/artikel_bali/detail/758.htm Melihat Matahari Terbit di Pantai Sanur ] (Dipuntingali tanggal 11 Juli 2011)</ref> Hal iki dadekake pantai sanur tambah tambah desenengi deéning para pengunjung.<ref name="internet2"/>  Saliyane iku ing pantai sanur uga ana pantai kang jenenge pantai Matahari Terbit amarga pemandangane pas matahari terbit endah banget yen didheleng saka kana.<ref name="internet2"/>

Ing pantai sanur saiki fasilitase cukup jangkep, antarane ya iku ana [[hotel]], ''restoran'' utawa ''kafe-kafe'' cilik sarta ''art shop''.<ref name="internet2"/> Salah siji hotel kang paling tuwa ing Bali kang dibangun ing pantai iki ya iku hotel Ina Grand Bali Beach kang panggonane ana ing persis pinggire pantai.<ref name="internet2"/> Saliyane iku, ing sekitare pantai uga ana kaya dalan kang biasane digunakake para pengunjung kanggo [[''jogging'']].<ref name="internet2"/> Jalur dalan iki nglewati pantai Shindu, pantai Karang nganti tekan [[Semawang]].<ref name="internet2"/>

== Cathetan Suku ==
{{reflist}}

[[Kategori:Pariwisata]]
[[Kategori:Bali]]
[[Kategori:Pantai ing Bali|Sanur]]