Difference between revisions 989799 and 999014 on jvwiki{{gabung|Panté Sanur}} [[Gambar:Sanur 200507-5.jpg|right|thumb|200px| Pantaisisir Sanur]] '''Pantaisisir Sanur''' ya iku kalebu panggonan [[pariwisata]] kang misuwur ing pulo [[Bali]].<ref name="internet1">{{id}}[http://www.baliwebby.com/pantaisisir-di-bali/pantaisisir-sanur.php Pantaisisir Sanur ] (Dipuntingali tanggal 11 Juli 2011)</ref> Pantaisisir Sanur dumunung ing sisih wetan kutha [[Denpasar]], [[Bali]]. Sanur ana ing [[Kotamadya Denpasar]].<ref name="internet1"/> Pantaisisir Sanur kalebu pantaisisir kang apik kanggo plahraga selancar (''surfing'').<ref name="internet1"/> Apa maneh ombak pantaisisir Sanur wis kawentar ing satengahing para wisatawan mancanagara. Ora adoh saka Pantaisisir Sanur uga ana wisata kanggo nyilem lan ''[[snorkeling]]''.<ref name="internet1"/> Amarga iku, panggonan kanggo nyilem iki bisa dikanggokake déning para penyilem saka ngendi wae.<ref name="internet1"/> Pantaisisir Sanur uga dikenal ''Sunrise beach'' (pantaisisir matahari terbit) kanggo lawan saka [[Pantaisisir Kuta]].<ref name="internet1"/> Amarga panggonane pantaisisir sanur kang an ing sebelah wetane pulo Bali, saengga pantaisisir Bali iki dadi panggonan wisata kang pas banget kanggo wong-wong kang pengin dheleng [[sunrise]] utawa ''matahari terbit''.<ref name="internet2">{{id}}[http://www.iloveblue.com/bali_gaul_funky/artikel_bali/detail/758.htm Melihat Matahari Terbit di Pantaisisir Sanur ] (Dipuntingali tanggal 11 Juli 2011)</ref> Hal iki dadekake pantaisisir sanur tambah tambah desenengi déning para pengunjung.<ref name="internet2"/> Saliyane iku ing pantaisisir sanur uga ana pantaisisir kang jenenge pantaisisir Matahari Terbit amarga pemandangane pas matahari terbit endah banget yen didheleng saka kana.<ref name="internet2"/> Ing pantaisisir sanur saiki fasilitase cukup jangkep, antarane ya iku ana [[hotel]], ''restoran'' utawa ''kafe-kafe'' cilik sarta ''art shop''.<ref name="internet2"/> Salah siji hotel kang paling tuwa ing Bali kang dibangun ing pantaisisir iki ya iku hotel Ina Grand Bali Beach kang panggonane ana ing persis pinggire pantaisisir.<ref name="internet2"/> Saliyane iku, ing sekitare pantaisisir uga ana kaya dalan kang biasane digunakake para pengunjung kanggo [[''jogging'']].<ref name="internet2"/> Jalur dalan iki nglewati pantaisisir Shindu, pantaisisir Karang nganti tekan [[Semawang]].<ref name="internet2"/> == Cathetan Suku == {{reflist}} [[Kategori:Pariwisata]] [[Kategori:Bali]] [[Kategori:Pantaisisir ing Bali|Sanur]] All content in the above text box is licensed under the Creative Commons Attribution-ShareAlike license Version 4 and was originally sourced from https://jv.wikipedia.org/w/index.php?diff=prev&oldid=999014.
![]() ![]() This site is not affiliated with or endorsed in any way by the Wikimedia Foundation or any of its affiliates. In fact, we fucking despise them.
|