Difference between revisions 997346 and 997892 on jvwiki'''Dhialèk Pekalongan''' iku kalebu dhialèk [[basa Jawa]] sing dipituturake ing pesisir lor tanah jawa, tlatah [[Jawa Tengah]] utamane ing Kotamadya/ [[Kabupatèn Pekalongan]]. Senadyan ana ing Jawa Tengah dialek Pekalongan beda karo daerah pesisir Jawa liyane, umpamane [[Kabupatèn Tegal|Tegal]], Welèri/[[Kabupatèn Kendhal|Kendhal]], [[Kabupatèn Semarang|Semarang]]. Jaman saiki akeh para piyayi Pekalongan kang duwé pakaryan dadi Juragan [[batik]], tenun lan tèkstil lan tansah migunakaké dialek kang biso dimangerteni déning piyayi pekalongan dewe. Anane para juragan , pedagang uga para nelayan ana tlatah kutha lan pinggiran mujudake basa/dialek iki mau. Sesambungan karo bangsane liyan umpamane [[Arab]], [[Cina]], [[India]] lan anane para penjajah saka manca nagari kang cumondok ana in Pekalongan uga nambahi mane warnane Dialek mau ==Sajarah== Anane di jenengi Pekalongan sejatine , merga polahe sawijining nom2an kang Gagah Pidekso sekti , kang duweé jeneng Joko Bahu ( utawa Bahu Rekso ), dewekne putrane Kyai Cempaluk ( Sempalo ) saka daerah Kesesi , sawijining tlatah Kidul- sisih Kulon Pekalongan. Saiki dadi Kecamatan Kesesi wewengkon Kabupaten Pekalongan. Amerga Kyai Cempaluk kalebu Ulama saka Kraton Mataram kang pinercaya , Jaka Bahu mula entuk dhawuh dadi tamtamaning praja Mataram lan sabanjure didhawuh Ingakang sinuwun Sri Sultan Agung Hanyakrakusuma , supaya nglurug perang lan tanding yudha nglawan Kumpeni Walanda ing Batavia ( Jakarta ) . Kacathet ana sejarah bab. Mataram nglurug perang klawan Walanda ana Batavia ( kang kaping pindho ). Perang Mataram lan Walanda kang gawé bangkrute Penjajah Walanda , lan meh wae Jaka Bahu menang anggone banda Yudha ,anaging kepara wadyabala Mataram kalah kasebab Walanda kabantu soko Inggris Ana ing tlatah Jakarta saiki , ana tlatah kang dijenengi "Matraman" , dadi pratanda menawa prajurti Mataram , Bahurakso sak andahane nate cumondok ana tlatah Matraman mau ( Matraman iku soko tembung Mataram-an, kang duweé teges , cumondhoke prajurit saka praja Mataram ).. Jaka Bahu kang nampa kalah tanding yudha , banjur bali liwat segara pesisir lor tanah jawa . Ana ing sawijining papan alas Gambiran ( merga ana kana akeh wit Gambir ).. panggonane ana sisih wetan-e Cirebon , Jaka Bahu mandeg ana kana , lan sabanjure ana ing papan iku dewekne mandeg tapa nGalong ( kaya Kalong , sirah nang ngisor lan sukune nang nduwur , ana in alas Gambiran mau ) . (contracted; show full) "Flik mashin" saka asline flight machine , montor mabur "gedung sositet" asale saka sochietet , gedung pertemuan. " broklat" saka Broad clouth .. sawijinging kain. "Kempetai" sale saka Kenpetai ( gedung pengadilan jepang). Anane dialek mau kang bisa ndadekake gawé sawijining wong2 Pekalongan antaraning wong sing asli saka tlatah pekalongan uga karo wong kang teka saka manca. umpamane, senadyan wong2 arab utawacia duw eé basa dewe lan kanggone kumpulane dewe, dewekne bisa sawiji nalika ngendika nganggo dialek mau .. kabeh nyawiji dadi siji lan ora ana beda lan kang ndadekake rubeda. Mula tlatah Pekalongan katon tentrem lan sangsaya tentrem . aja kaget umpama ana piyantun arab gojeg karo piyantun cina. uga karo wong pekalongan asli nganggo dialek pekalongan. Akeh piyantun2 teka saka manca utawa jawi tengah umpamane kang maune basane alus lan priyayi, sakwise bebarengan ana ing pekalongan malah luwih mathuk nganggo dialek pekalongan ini. Umpamane : piyayi saka Parakan temanggung kang teka nganggo dialek basa Parakan " Arep nyang ndi Wi ( Wiadi )? nganggo nada-ne duwur !! sakwise nyawiji puluhan tahun lan duweé kenyo nikah lan duweé anak karo kenyo pekalongan asli , dialek -e dadi Beda " Lha Pak ring ndi Wik ? " Kowe arep nyang endi Wiyadi ??.. [[Kategori:Dhialèk basa Jawa|Pekalongan]] All content in the above text box is licensed under the Creative Commons Attribution-ShareAlike license Version 4 and was originally sourced from https://jv.wikipedia.org/w/index.php?diff=prev&oldid=997892.
![]() ![]() This site is not affiliated with or endorsed in any way by the Wikimedia Foundation or any of its affiliates. In fact, we fucking despise them.
|