Difference between revisions 997892 and 1003289 on jvwiki

'''Dhialèk Pekalongan''' iku kalebu dhialèk [[basa Jawa]] sing dipituturake ing pesisir lor tanah jawa, tlatah [[Jawa Tengah]] utamane ing Kotamadya/ [[Kabupatèn Pekalongan]]. Senadyan ana ing Jawa Tengah dialek Pekalongan beda karo daerah pesisir Jawa liyane, umpamane [[Kabupatèn Tegal|Tegal]], Welèri/[[Kabupatèn Kendhal|Kendhal]], [[Kabupatèn Semarang|Semarang]]. Jaman saiki akeh para piyayi Pekalongan kang duwé pakaryan dadi Juragan [[batik]], tenun lan tèkstil lan tansah migunakaké dialek kang biso dimangerteni déning piyayi pekalongan dewe. Anane para juragan , pedagang uga para nelayan ana tlatah kutha lan pinggiran mujudake basa/dialek iki mau. Sesambungan karo bangsane liyan umpamane [[Arab]], [[Cina]], [[India]] lan anane para penjajah saka manca nagari kang cumondok ana in Pekalongan uga nambahi mane warnane Dialek mau

==Sajarah==
Anane di jenengi Pekalongan sejatine , merga polahe sawijining nom2an kang Gagah Pidekso sekti , kang duwé jeneng Joko Bahu ( utawa Bahu Rekso ), dewekne putrane Kyai Cempaluk ( Sempalo ) saka daerah Kesesi , sawijining tlatah Kidul- sisih Kulon Pekalongan.  Saiki dadi Kecamatan Kesesi wewengkon Kabupateèn Pekalongan. 
Amerga Kyai Cempaluk kalebu Ulama saka Kraton Mataram kang pinercaya  , Jaka Bahu mula entuk dhawuh dadi tamtamaning praja Mataram lan sabanjure didhawuh Ingakang sinuwun Sri Sultan Agung Hanyakrakusuma , supaya nglurug perang lan tanding yudha nglawan Kumpeni Walanda ing Batavia ( Jakarta ) . Kacathet ana sejarah bab. Mataram nglurug perang klawan Walanda ana Batavia ( kang kaping pindho ).
(contracted; show full)

Ana ing Abad 15-17 Masehi , Pekalongan kang kalebu tlatah lan kuasane  praja Mataram lan migunakake Basa Jawa Mataraman , dadi awal mulane basa Pekalongan ora rubeda karo basa Jawi kang dipiguanaake ing tlatah praja Kasultanan Mataram . Ananging ana ing sakterusing jaman , basa dhialek [basa Jawa] utamane dialek Pekalongan wiwit katon ana bedhane kasebab ana gegayutane karo budaya lan sesambungan marang liyan . Basa/Dialek Pekalongan baku jaman semana mau wis ora dianggo man
eèh ana ing dialek Pekalongan jaman saiki.

==Ciri-ciri==
Ujud dialek Pekalongan kalebu basa "antara" kang dipigunakake antara tlatah Tegal (sisih kulon) ,Weleri (sisih wetan) lan daerah Pagunungan Kendheng ( sisih kidul). kalebu basa sing prasaja nanging "komunikatif" lan bisa gampang disianoni lan dipigunaake.

(contracted; show full)"Iwan" diucapake "i-whan". 
"bali"/mulih diucapke "bhelhi". 
"Brahim" /Ibrahim diucapake "Brehiim" ( Mas Ibrahim ).
"Mardniyah" saka Mardiyah.

" Wis ho , nyong pak bhelhi ndikik" ( Wis yoo, aku arep mulih disik ).

Ujud dialek ing mduwur mau dipigunaake ana ing tlatah Batang ( ing sisih wetan),Pemalang/Wirad
eésa(ing Sisih Kulon),Bandar/Kajen (ing sisih kidul) .. sisih Lor ora nganggo sebab-e...nJegur segoro ..

Ana meneh dialek kang di lambari saka jaman penjajah jaman disik.

Saka walanda ( Belanda ),inggris ,portugie lan jepang ..
"Bruk !" saka asline "brooke" , jembatan ..
"Landrat " saka asline landraat , kantor pengadilan.
"Gili sepur " saka spoor , dalan kereta api.
(contracted; show full)
Umpamane : piyayi saka Parakan temanggung kang teka nganggo dialek basa Parakan " Arep nyang ndi Wi ( Wiadi )? nganggo nada-ne duwur !!
sakwise nyawiji puluhan tahun lan duwé kenyo nikah lan duwé anak karo kenyo pekalongan asli , dialek -e dadi Beda 
" Lha Pak ring ndi Wik ? " Kowe arep nyang endi Wiyadi ??..

[[Kategori:Dhialèk basa Jawa|Pekalongan]]