Difference between revisions 984787 and 991627 on jvwiki{{Orphan|date=Maret 2016}} {{gabungmenyang|Bengawan Sala}} == Bengawan == [[Gambar:Bengawan Solo topography map.png|300px|right|kali Bengawan Solo]] Solo, mujudake kali paling dawa ing Pulo jawa kang nduweni carita werna-werna. Bengawan kang sumbere saka pengunungan seribu iku, tumeka saiki isih banjir, senajan wis digawé sudhetan. Menawa banjir, pancen nggegirisi. Dene yen ketiga banyune mung sethithik, mili angler, nanging miline banyu kang angler mau, kecampuran karo limbah pabrik saka wewengkon kabupaten Karanganyar, kang nyebabke ambune kaya bathang, sengak lan liya-liyane. Menawa ngepasi banjir, atussan omah kerep keleban, kayata: Sragen, Ngawi, Bojonegoro, Tuban, Lamongan, lan sakiwa-tengene. Banjir iku amarga saka polahane manungsa dhewe, jalaran alas lan lingkungan ing sakilining Bengawan Solo iku wis padha rusak, ditebangi (dutegor). Sanajan kerep banjir, warga masyarakat kang mapan ana sakiwa-tengene ora nate kuwatir, sebab banjir iku mau wis dadi lengganan ing saben taune. == MITOS == [[Gambar:Bojonegoro bengawan solo.jpg|200px|right|Bengawa Solo ing Bojonegoro]] Banjir ing Bengawan Solo iku kerep disambungake karo caritane Nyi Rara Kidul, kang mujudake ratu ayu kaya widodari. Ratu Kidul duwe pirang-pirang wadya bala, kang saperangan akeh memba dadi wujud ula lan naga. Pandegane ya iku patihe kang aran Nyi Blorong. Watake beda antarane ratu lan patihe kaya bumi karo langit, ya iku Nyi Rara Kidul (ratu) kang watake apik, seneng tetulung, lan paring pepadhang kayata: Sultan Agung (ratu ing Mataram) sultan ana kasultanan (Ngayogjakarta) lan kasunanan (Surakarta Hadiningrat), uga ngraketake seduluran karo panguwasa ing Gunung merapi kang arane mbah Petruk, lan panguwasa ing Gunung lawu kang aran mbah Suwirya (Eyang lawu). Nyi Blorong kang kerep didadekake utusan menyang seduluran mau. Ananging eleke dheweke kerep menggok ana dalan, ngganggu menungsa lan liya-liyane. Menawa lagi usum udan deres, kali kang mili banyu kerep didadekake dalan tumuju panggonan kang dituju Nyi Blorong mau. Wong kang nduweni mata batin mesthi ngerteni menawa ana kali banjir ing kono akeh ula silumanekang bisa katon biyasane pethit (bunthut) utawa endhase. Bebarengan karo iku, ana damar (saka botol kang diwenehi uceng-uceng), kang mujudake lampu kanggo mlaku ing wayah wengi. Sinare katon kelip-kelip ing wayah surup tumeka bengi kang ngepasi kali lagi bajir. == Miline mandhuwur == Manut keterangane dosen CC. Comy (dosen UNS kang ngampu mata kuliah Geologi), biyen sadurunge ana menungsa, iline Bengawan Solo iku saka ngisor mendhuwur. Jalaran saka kahanan alam ing jutaan taun, iline banyu banjur malik saka nduwur mangisor. Kahanan iku uga dibarengi karo dadine gunung, sing maune asal usule pegunungan ing Tanah Jawa iku mujudake watu karang ing tengahing segara, bajur kahanane malik grempyang sing maune segara dadi pegunungan, lan sing maune pengunungan dadi segara. Saka kahanan iku ndadikake khase Bengawan Solo ya iku sanajan rendheng lan ketiga bayune ora beda adoh gedhene, amarga saka ekologi alam kang imbang, lingkungan lan alse isih apik. Miturut keterangane pinisepuh, saka Gresik menyang Solo wis bisa mung numpak [[prau]], semana uga sawalike. Menawa numpak kendharakan lemah, paling pol nganggo [[grobag]] lan [[andhong]]. Ora aneh menawa ana pelabuhan (bandarpapan anggegana) ing kutha Sala, kang aran Beton, lan Nusupan. Ilining Bengawan Solo, wektu iku isih menggak-menggok metu kutha Solo, kang nduwèni anak kali kang aran Kali Pelem Wulung, Pepe, Rahman, Jenes, Tanggul, Buntung, Wingko, lan kali-kali liyane. Para raja kayata: (1) Kanjeng Pakubuwono IV kerep nglakoni tapa kungkum ing Begawan Solo, kanthi ngedegake Pesranggahan Langenharjo, ing tlatah Sukoharjo. (2) Susuhan Pakubuwono X kerep nitih prau Kyai Rajamala, saperlu pesiar ing sailining Bengawan Solo, kang diiringi para prajurit, lan dadi tontonan kang endah. == Reged == [[Gambar:COLLECTIE TROPENMUSEUM De rivier de Solo TMnr 3728-417.jpg|200px|right|Lukisan ana COLLECTIE TROPENMUSEUM De rivier de Solo]] Saiki kahanane beda banget yen ta dibandingake karo Bengawan Solo ing jaman mbiyen. Saka panilitiane WHO, FAO, lan Pecinta Alam (PMPA) Kompos UNS Solo nudhuhake yen ta banyune wis akeh kacampuran logam kayata: Cuprum (Cu), Cadmium (Cd), Cromiun (Cr), Plubium (Pb), lan air raksa (Hg). Saka campuran iku ndadekake pengaruh marang uripe pari, kang uga bisa nyebabake gangguan kesarasan menawa mangan saga saka pari kang wis dioncori saka Begawan mau. “Saliyane iki banyune uga nggatelake sikil lan awak sarta tangan, tur ambune ya sengak.” Ujare jaka S petani saka Dukuh Ngagel, Desa Tenggak, Kabupaten Sidoharjo, Kabupaten Sragen. Kepala Dinas pertanian lan ketahanan pangan Sragen kang aran Ir. H. Soewarno menehi saran kang apik ya iku “Luwih becik gawé sumur kompa (pantek) tinimbang nyedot banyu saka Bengawan kang kena pencemaran.” (’’’Linggar Tungga Gupita’’’)* ==Cathethan Suku== Kapundhut saking: Panjebar Semangat, No. 17 tanggal 24 April 2004 kaca: 27,28 lan 39 == Kapurih Ugi Mirsani == {{jv}} [http://jv.wikipedia.org/wiki/Bengawan Solo Wikipedia Basa Jawa] {{id}}[http://id.wikipedia.org/wiki/Bengawan_Solo Wikipedia Indonesia] == Pranala Jaba == {{en}}[http://en.wikipedia.org/wiki/Bengawan_Solo_River Bengawan Solo] [[Kategori:Kali]] [[Kategori:Kali ing Jawa Tengah]] [[Kategori:Geografi]] [[en:Solo River (Java)]] All content in the above text box is licensed under the Creative Commons Attribution-ShareAlike license Version 4 and was originally sourced from https://jv.wikipedia.org/w/index.php?diff=prev&oldid=991627.
![]() ![]() This site is not affiliated with or endorsed in any way by the Wikimedia Foundation or any of its affiliates. In fact, we fucking despise them.
|